Rabu, 24 Agustus 2016

TANGGAP SABDA MAKILI PARA PELAYAT

TANGGAP SABDA MAKILI PARA PELAYAT

    1. Assalamu'alaikum Wr.Wb.
      Inna lillahi wa inna illaihi roji'un
      Nuwun, mugi sih wilasa, berkah miwah pangayoman Dalem Pangeran Ingkang Maha Asih, lestantu rumentah tumrap kula saha panjenengan sedaya, samenika saha ing salajengipun.

      1. Nuwun, keparenga kula ing riki ingkang minangka sesulihipun para takjiyah, ingkang kapisan ngaturaken nderek bela sungkawa awit saking sedanipun ibu  Sastradiharjo. Ingkang angka kalih keparenga  nderek ndedonga  mugi-mugi suwargi ibu Sastradiharjo kaparingan pangaksama sedaya dosanipun, katampiya amal miwah kasaenanipun nalika sungengipun, saha tumuli kaparengaken lumebet ing kamulyan langgeng. Dene putra wayah ingkang katilar mugi tumuli kaparingan lipur, pulih kados wingi ugi saged nindakaken kuwajibanipun gesang kados padatan , saya rukun anggenipun mangun bebrayan, nglajengaken kesaenanipun suwargi ibu Sastradiharjo wasana saged kadumugen gegayuhanipun inggih menika gesang begja, kacelak ing Pangeran sarta sesamining gesangipun, ayom ayem, tata tentrem sapangandhap sapaninggalipun. Dene kala wau dipun ngendikakaken dening ingkang amakili ahli waris, mbok bilih nalika sugengipun ibu Sastradiharjo nate lepat dhateng kula panjenengan sedaya, ngersakaken mundhut pangaksama, inggih sampun kula caosi pangapunten.
      2. Salajengipun, kula ugi nyuwun lumunturing pangaksami, mbok bilih wiwit nalika gerahipun ngantos dumugi kapundhutipun ibu Sastradiharjo kula sedaya kirang tumanggap, kirang kawigatosan lan kirang ing samudayanipun. Sedaya wau inggih jalaran saking kapambeng ing karibetan ingkang boten saged katilar.
      3. Salajengipun, rehning ibu Sastradiharjo nalika sugengipun saestu ageng lelabetanipun ing babagan mekaring kesenian, mliginipun kasenian karawitan, ingkang menika dhumateng para putra muridipun suwargi kula nyuwun kersaa nglajengaken pamarsudi kala wau, boten ngemungna nguri-uri, nanging mugi saged ngrembakakaken utawi mekaraken, mliginipun tumrap para mudha ing sakiwa tengen ngriki.

      1. Mekaten atur kula, amakili para asung bela sungkawa katur para ahli waris. Ing wasana bilih kathah kekirangan saha kuciwanipun kula nyuwun pangaksama.
        Pungkasaning atur, wabilahittaufiq wal hidayah.
        Wassalamu'laikum Wr. Wb.

    PAMBAGYAHARJA ING UPACARA BIDHALING LAYON

    PAMBAGYAHARJA ING UPACARA BIDHALING LAYON


      1. Assalamu'alaikum Wr.Wb.
        Inna lillahi wa inna illaihi roji'un
        Nuwun, mugi sih wilasa, pangayoman saha berkah Dalem Pangeran tansah karentahna tumrap para asung bela sungkawa, samenika saha ing salajengipun.
        • Para asung bela sungkawa, kakung saha putri ingkang kinurmatan, keparenga kula ingkang kakersakaken minangka sesulihipun para putra wayahipun swargi inu Sastrediharjo, langkung rumiyin sanadyan lenggah panjenengan sedaya sampun sawatawis, ngaturaken sugeng rawuh. Kejawi menika keparenga ngaturaken sewu-sewu sembah nuwun miwah sanget genging panuwun, awit saking keparenganipun para pelayat ngenthengaken salira mijekaken wekdal rawuh saperlu bela sungkawa, saha paring tandha sih tresna, ingkang satuhu kejawi angentheng-enthengi ugi adamel mongkog saha lipuring manah.
        • Salajengipun, keparenga para ahli waris ngaturaken panuwun ingkang tan kenging winiraos agengipun, dhateng tangga tepalih, sanak sedherek, miwah mitra pitepangan, ingkang boten saged kaaturaken saking satunggal ing riki, inggih awit saking paringipun biyantu, ingkang arupi bandha, tenaga, penggalihan, iguh pamrayogi, kawigatosan, donga pamuji, pratelaning bela sungkawa arupi rakitan sekar, ingkang saestu adamel rancag tumata pangruktining layon wekdal menika.
        • Awit saking sedaya kasaenan panjenengan menika wau, para ahli waris, boten saged atur piwales kejawi namung kaunjukaken ing Ngabyantara Dalem Gusti ingkang Maha Wikan, ingkang sampun mesthi kemawon boten badhe kekilapan paring lubering sih ingkang tanpa pepindan minangka paring piwalesipun.
        • Salajengipun kados ingkang sampun kauningan bilih wekdal menika para ahli waris nandhang duhkita, inggih anggenipun, katilar seda panjenenganipun ibu Sastradiharjo. Sedanipun kala wingi dinten Selasa Kliwon surya kaping kalih welas Mei warsa kalih ewu kalih welas utawi wolulas Jumadil Awal warsa sewu sangangatus kawandasa gangsal Jimakir kirang langkung pukul sadasa siang, ing Rumah Sakit Panti Rapih Ngayogyakarta.
        • Sedanipun suwargi kaparingan lantaran gerah sawatawis wekdal. Saestunipun kulawarga sampun mboten kekirangan anggenipun pados usada. Ewa semanten Gusti ingkang Murbeng Gesang kagungan pancasan sanes, panjenenganipun kapundhut wangsul ing pangayunan Dalem.
        • Boten sanes kulawarga inggih namung sumarah ing pamurbaning Gusti. Ewa semanten, pepisahan tetep andadosaken sisah saha anglesipun manah. Pramila mawantu-wantu panyuwunipun para ahli waris mugi wontena keparengipun para asung bela sungkawa paring panjurung , donga pangestu, amrih ingkang katimbalan kaapunten sedaya dosanipun, tumuli keparengaken lumebet ing kamulyan langgeng. Dene ingkang katilar tumuli kaparingana lipur, pulih penggalihipun kados wingi uni, wasana kanthi iman ingkang teguh nglajengaken momong putra wayah, mangun bebrayan ingkang utami.
        • Salajengipun keparenga atur uninga, bilih ngantos dumugi sedanipun, suwargi ibu Sastradiharjo kaparingan ganjaran yuswa 80 tahun, nilar putra gangsal, wayah sedasa. Ingkang menika, mbok bilih nalika sugengipun nate lepat ing ngarsa panjenengan sedaya, para ahli waris nyuwunaken ngapunten. Mekaten ugi mbok bilih taksih kagungan rembag, utawi sambut sinambut ingkang dereng rampung, wontena keparengipun sambet rembag kaliyan ahli waris ingkang badhe ngrampungaken kanthi lega legawaning manah.
        • Atur salajengipun, layonipun suwargi, mangke badhe kasarekaken wonten pasareyan Sari Laya, ingkang tebihipun kirang langkung 500 meter saking dalem menika. Ingkang menika dhumateng para asung bela sungkawa ingkang kasdu ngiring pamboyonging layon ngantos dumugi pasareyan, kanthi  mirunggan kaaturaken gunging panuwun. Wondene bilih kapambeng ing keperluan sanes, lajeng ngersakaken badhe kondur, boten sanes inggih namung saged ngaturaken nderekaken sugeng kondur, sinartan asung sesanti mugi tansah rahayua ingkang pinanggih.
        • Para asung bela sungkawa ingkang sutresnan, para ahli waris, rumaos boten saged nampi saha nanggapi rawuh panjenengan ing sak mesthinipun, sedaya wau inggih awit saking winatesing samukawis. Mila awit saking sedaya kekirangan saha kuciwaning panampi, namung nyuwun lumunturing pangaksami.
      1. Mekaten aturipun para ahli waris ing ngarsa panjenengan sedaya. Salajengipun mugi wontena kepareng panjenengan sedaya mrayogekaken lenggah, ngantos dumugi paripurnaning upacara. Pungkasanipun atur, kula ingkang kakersakaken amakili para ahli waris matur ing ngarsa panjenengan sedaya bilih wonten galap gangsuling atur kiranging tata krami, kula nyuwun gunging pangaksami. Para asung bela sungkawa sutresna, katurna pinarak, manggiha raharja. Nuwun.
        Wassalamu'alaikum Wr.Wb.

    Selasa, 23 Agustus 2016

    PRANATACARA ING UPACARA ANGKATING LAYON

    PRANATACARA ING UPACARA ANGKATING LAYON


    1. CECALA KALAJENGAKEN PAMBUKA
    2. Assalamu'alaikum Wr.Wb. Inna lillahi wa inna illaihi roji'un.
      1. Nuwun, mugi sih wilasa, pangayoman berkah miwah kanugrahan Dalem Gusti ingkang Maha Mirah miwah Maha Asih tansah karentahna tumrap kula saha panjenengan sedaya menika sarta ing salajengipun. Para pelayat ingkang kinurmatan keparenga atur uninga bilih upacara Pambidhaling layonipun swargi ibu Sastradiharjo, tumuli kawiwitan. Ingkang menika minangka cecala keparenga kula ngaturaken rantamaning titi laksana adicara ingkang badhe kalampah ing upacara menika mekaten :
        • Angka setunggal Pambuka.
        • Angka kalih Atur Pambagyaharja saking para ahli waris katur para asung bela sungkawa.
        • Angka tiga Tanggap Sabda amakili Kulawarga SMK 1 Kasihan, Bantul Yogyakarta.
        • Angka sekawan Tanggap Sabda amakili para warga Dhusun Gemolong dalah sakiwa tengenipun, sumrambah para asung belasungkawa.
        • Angka gangsal titilaksana adicara Sumurup.
        • Angka enem Angkating Layon kalajengaken Panutup.
      2. Mekaten, para pambela sungkawa ingkang sutresna, urutaning titilaksana adicara ing upacara badhe pamboyonging layonipun suwargi Ibu Sastradiharjo menika.
      3. Salajengipun rehne wekdal sampun dumugi, menapa dene samudayanipun sampun samekta, wontena keparengipun, upacara siang menika kawiwitan, sarana angeningaken cipta dedonga miturut agami saha kapitadosan kula panjenengan sedaya. Sumangga.

    3. NGACARANI PAMBAGYAHARJA
    4. Salajengiipun ndungkap titilaksana adicara angka kalih, keparinga para ahli waris badhe ngaturaken pambagyaharja rawuhipun para pelaya, ingkang badhe dipun salirani bapak Sumarsono. Dhumateng  bapak Sumarsono kula sumanggakaken, sarta dhumateng para putranipun suwargi Ibu Sastradiharja, kersaa ngapit utawi anjajari bapak Sumarsono. Sumangga.
        (ingkang kajibah, tumuli nindakaken ayahan. Sasampunipun rampung anggenipun medhar sabda, MC, nglajengaken titilaksana adicara candhakipun).
    5. NGACARANI TANGGAP SABDA AMAKILI SMK 1 KASIHAN YOGYAKARTA
      • Para asung bela sungkawa ingkang sutresna, mekaten atur pambagyaharja miwah atur panuwunipun para putra wayahipun swargi ibu Sastradiharja ing ngarsa panjenengan sedaya.
      • Dhumateng bapak Sumarsono kaaturaken gunging panuwun. Ndungkap titilaksana adicara angka tiga, inggih menika tanggap sabda minangka cihnaning belasungkawa, saking pimpinan, staff saha para guru SMK 1 Kasihan Yogyakarta, ingkang badhe dipun salirani, Ibu Dra. Suprapti. Dhumateng panjenenganipun, sumangga.
        (Ibu Dra. Suprapti medhar sabda sacekapipun. MC nglajengaken adicara).

    6. NGACARANI TANGGAP SABDA AMAKILI PARA WARGA DUSUN GEMOLONG SAHA PELAYAT
      1. Mekaten wedharan sabda saking pimpinan, staff saha para guru SMK 1 Kasihan Yogyakarta, sampun paripurna. Dhumateng  Ibu Dra. Suprapti kaaturaken gunging panuwun.
      2. Salajengipun kasuwun paringipun wedharan sabda minangka pratelaning bela sungkawa, saking para warga Dhusun Gemolong, sarta ugi para pelayat kakung saha putri, ingkang badhe dipun salirani Bapak Mursidi, inggih bapak Kepala Dhusun Gemolong riki. Dhumateng bapak Mursidi kula sumanggakaken. Nuwun.
        (Bapak Mursidi medhar sabda sarampungipun).

    7. NGACARANI TITILAKSANA ADICARA SUMURUP
      1. Sampun paripurna, wedharan sabda ingkang kaaturaken Bapak Mursidi dhumateng para ahli waris. Dhumateng bapak Mursidi kaaturaken gunging panuwun.
      2. Para lenggah ingkang kinurmatan, dhungkap titilaksana adicara angka gangsal, inggih menika titilaksana adicara Sumurup. Dhumateng para mudha, kasuwun nyamektakaken layon ing sangajengipun dalem menika, saha dhumateng para wayah, kasuwun cumawis ing papan ingkang sampun piniji ingkang badhe dipun pandhegani dening Bapak Sukiman, putra pambajengipun suwargi. Dhumateng para asung bela sungkawa ingkang lenggah ing kursi sangajengipun dalem kasuwun jengkar saperlu paring papan, minangka upacara. Wondene dhumateng sagung tamu mbok bilih wonten keparengipun paring pakurmatan sarana jumeneng, kula sumanggakaken. Sumangga.
        (Upacara Sumurup katindakaken).

      1. NGACARANI TITI LAKSANA ADICARA ANGKATING LAYON
        1. Para pelayat sutresna, titilaksana adicara Sumurup sampun rampung. Salajengipun, tumuli katindakaken titilaksana adicara bidhaling layon. Namung saderengipun titilaksana adicara menika kaleksanan, wontena keparengipun kula ngaturaken urutan bregadaning upacara, saha margi ingkang badhe dipun langkungi. Mekaten.
        2. Ingkang wonten ngajeng piyambak photonipun suwargi ibu Sastradiharja. Sawingkinging photo, boket utawi karangan bunga, kasusul sekar sawur, saha dupa. Sawingkinging dupa, layon, tumuli bapak kaum saha kulawarga, pungkasanipun para pelayat.
        3. Dene margi ingkang badhe dipun langkungi saking dalem menika mengilen, dumugi margi utawi gang Modang, mengaler, pratigan Ngringin, mangetan mlebet gang Cuwiri, mengidul, dumugi Pasareyan. Mekaten mugi andadosna pamriksa.
        4. Para tamu angkating layon badhe dipun bukani mawi donga. Dhumateng bapak Mohammad Adnan, inggih bapak kaum, ingkang mandhegani pamboyonging layon siang menika kula sumanggakaken.
          (Bapak Moh. Adnan mimpin donga. Layon kabidhalaken dening bapak Moh. Adnan)

      2. NGACARANI TITILAKSANA PANUTUP
      3. Layon sampun kabopong alon-alon.
        Para asung bela sungkawa ingkang kinurmatan, minangka panutuping upacara pamboyongan layon siang menika, wontena keparengipun para ahli waris, ngaturaken ndherekaken sugeng kondur, mugi tansah ingayoman ing berkahing Pangeran. Ing wasana kula ingkang minangka pranata titilaksanaing upacara siang menika, mbok bilih pinanggih prekawis ingkang kagalih lepat saha kirang anjujuprana, kula namung nyadhong lumunturing pangaksami. Para tamu, andum sugeng, nuwun.
        Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

      KATRANGAN SAPALA BAB PRANATACARA

      KATRANGAN SAPALA

      BAB PRANATACARA


      A. WREDINING PRANATACARA
      Panatacara inggih menika Paraga Ingkang Tinanggenah Nata Acara. Ugi kasebat : Pranatacara, Panata Hadicara, Pranataadicara, Pambiwara, Panata Titi Laksana Adicara, MC (master of ceremony), nanging sanes pengacara.
      Bakuning ayahanipun, ingkang sakawit inggih menika nglantaraken lampah utawi tumapaking acara utawi adicara wonten ing pepangguhan, pasamuwan, utawi upacara ingkang sampun karantam. Nanging kabekta saking ebah-ewahing kawontenan, miwah majenging jaman, ayahanipun panatacara lajeng asring mingsat-mingset, malah asring dados rowa, kadosta asring nindakaken ayahaning pamedharsabda, asring ngaturaken wara-wara, nyandra lan sanes-sanesipun.

      B. PRIBADINING PRANATACARA
      Boten sadhengah tiyang saged nindakaken minangka panatacara. Upami saged, inggih dereng kantenan saged mrantasi, menapa malih saged mumpuni kalayan pantes, luwes, tur teges.
      Pranatacara ingkang saestu mumpuni, kedah tiyang ingkang kaewokaken PILIH TANDHING. Mila sok sintena ingkang kepengin dados panatacara ingkang saestu, inggih kedah gadhah pribadhi ingkang utami,tinarbuka, sregep ing damel, dhisiplin, ingkang kaesthi ing penggalih, kawedhar ing lathi saha ingkang kababar ing tumindak, tansah ngudi amrih wingit wibawaning upacara, dalem rengeng ngengrenging pasamuan saha damel resep leganing penggalihipun para tamu saha ingkang hamengku gati.

      C. SANGU-SANGUNING PRANATACARA
      Kangge minangkani pepanggil, miwah ayahaning panatacara ingkang katur ing ngajeng kala wau, panatacara kedah gadhah sangu arupi pangertosan katrampilan, tuwin sikep ingkang nyekapi. Sokur monjo ing babagab olah swara, olah raga lan busana, olah basa lan sastra. Ugi kasembuh pangertosan-pangertosan sanes ingkang minangka jejangkep, kadosta bab kesenian, kabudhayan, adat, tatacara, kawruh agami, filsafat lan sanes-sanesipun.
      1. Olah Swara
        Swanten, menika nugrahaning Pangeran. Awon, sae, kula panjenengan sedaya kantun nampi. Ewa semanten, tumrap panatacara saha pamedharsabda, perlu ngolah swantenipun, amrih sakeca dipun pireng. Swanten ingkang sae menika, ingkang limrah dipunwastani GANDHANG. Swanten gandhang menika swanten ingkang yen sora boten mbrebegi, lirih boten ical, tetep taksih kapireng cetha tur sakeca. Swanten kedah kaangkah wajar, cetha, tegas tur boten ketingal dipundamel-damel. Sampun kacampuran swanten-swanten ingkang kirang sae saha kirang sakeca kapireng, upami bindheng, serak, blero, kasar lan sanes-sanes.
        Cara pangolahipun, inggih dipun gladhi piyambak, wonten ing papan-papan ingkang prayogi, ing papan sepi pepinggiring lepen, pinggir seganten, lan sanes-sanesipun ingkang kadugi cocok. Nyinau bab menika kedah tlatos, saking sekedhik, dangu-dangu badhe ketingal kasilipun.
      2. Olah Raga lan Busana
        Panatacara ingkang sae (ideal), inggih menika panatacara ingkang kagungan badan utawi salira ingkang sehat/saras. Saras jasmani punapa dene rohani. Panatacara ingkang sae inggih kedah busana ingkang murwat, laras kaliyan kawontenan. Pangolahing raga jaman samangke sampun boten kekirangan, kadosta sarana senam, jogging, renang, aerobic, lan sanes-sanesipun. Dene bab busana, langkung-langkung busana kejawen, taksih perlu sanget dipun sinau, awit kathah sanget ingkang dereng pana. Taksih asring klenta-klentu. Busana kedah leres panganggenipun, murwat kawontenanipun, rapi, tumata, panatanipun cocok kaliyan kawontenanipun. Inggih kawontena kaperluan, ugi kawontenaning saliranipun ingkang ngagem. Perlu kagalih komposisi warni, estetika, saha etikanipun.
      3. Olah Basa lan Sastra
        Basa ingkang kedah dipunangge  denening panatacara, ugi pamedharsabda, inggih menika basa ingkang leres, sae (boten teges dakik-dakik) tur gampil dipuntampi utawi komunikatip. Wonten tigang warni basa ingkang kangge, inggih menika basa prasaja, samadya lan basa rinengga. Tiga-tiganipun saget kaangge, miturut kawontenan. Wonten ing pepanggihan-pepanggihan limrah, kadosta ing rapat RT, rapat RW, rapat panitya lan sanes-sanesipun, limrahipun sampun cekap migunakaken basa prasaja. Dene ing pasamuwan, pahargyan penganten, upacara sripah, lansanes-sanesipun saged migunakaken basa samadya tuwin rinengga. Sedaya kala wau wonten ing cak-cakanipun kedah tansah negmuti bilih kedah saged katampi dening para ingkang mirengaken, kanthi sakeca tur kanthi cetha. Mila wonten trap-trapanipun, kedah tansah ngemuti :
        a. Sinten ingkang gineman.
        b. Sinten ingkang tumanggap (dipinjak) gineman.
        c. Menapa ingkang dipunginem.
        d. Kados pundi swasananipun.
        Menawi ngengeti ingkang sakebat menika, temtu kemawon lajeng ingarah rinekadaya amrih trep pamilihing tembung, cetha dhapukaning ukara, runtut pangiketing basa. Wosipun ngugemi paugeran basa utawi paramasastra.
        Rehning pranatacara menika wonten ing swasana ingkang maneka warni, ing kitha, ing dhusun, ing madyaning tiyang limrah, ing madyaning para winasis, ing wiwahan, palayatan, parepatan, pakempalan, sarasehan, konferensi, seminar, lomba (pasanggiri/tandhingan) lan sanes-sanesipun, mila panatacara kedah saged ngemuti kawontenan kala wau.
        Caranipun nggegulang bab basa saha sastra, saged sarana sinau ing papan formal, utawi resmi saged sarana kursus-kursus, memaos mireng-mirengaken, taken-taken, nyenyathet lan sanes-sanesipun.

      4. Sikep ingkang Prayogi
        Bapak Sudi Yatmana kagungan konsep ingkang winastan SAPTA MA, inggih menika :
        • Magatra : Bleger, wewujudan, rupa, serira, busana kedah trep, jangkep.
        • Milaksana : Tindak tanduk tinata runtut. Luwes, mrabawani, boten ingah-ingih, boten wegah-wegih.
        • Mawastha : Jumenengipun jejeg, boten kendho, boten dhoyong, letipun suku sacekap, boten kewiyaren, boten keciuten.
        • Maraga : Boten rongeh, anteng anteb, ebah ewahing pasemoning wadana nggambar jatining wigati.
        • Malaghawa : Trampil, kepara trengginas, boten nglemer, boten gas-gasan, cak-cek, gancar, lancar, sembada.
        • Matanggap : Tanggap sakwiringing swsana, saged damel regeng-ngengrenging swasana, saged damel duhkitaning wardaya, nanging ugi saged damel gumyaking swasana.
        • Mawat : Tangguh, tanggon, prapteng ngendhon, ngentasi purwa, madya wasananing karya.

      5. Cathetan sawatawis ingkang nyengkuyung kasiling panatacara
        • Kersaa rawuh ing parepatan panitya.
        • Rawuh satunggal jam saderengipun adicara kawiwitan.
        • Samaptya ing pakaryan, pirantos kaasta jangkep, sampun wonten ingkang kantun.
        • salira kajagi marih seger lan saras.
        • Prekawis-prekawis ribeting penggalih, prayogi karampungaken rumiyin, amrih boten ngganggu.
        • Samaptaning panitya utawi panawangkukridha, ugi mangaribawani kasiling panatacara. Mila kedah tansah nyambut damel sareng kaliyan panitya.
        • Saening sound system (pengeras suara) dipun satitekaken.
        • Perlu ceking samaptaning pasugatan, papan lan sanes-sanesipun.
        • Panatacara mangertos, kepara apal urutaning adicara.
        • Panatacara mangertos  kanthi wewentehan (rinci) cak-cakaning adicara.
        • Panatacara kedah saged mratelakaken utawi nyebat samukawis kanthi leres tur jangkep.
        • Panatacara tumanggap tuwin nuhoni keparengipun ingkang hamengku karsa.
        • Panatacara mamrih reseping prasada (panggung/arena) saha papan ing sacelakipun panatacara.
        • Panatacara sageda amurba swasana.
        • Panatacara prayogi sinartan paraga bantu.
        • Panatacara kedah saged pinitados.
        • Panatacara kedah sugih rekadaya, tansah sawega, bok bilih pinanggih prekawis ingkang boten cocok kaliyan rancangan, amrih sedaya saged kalampahan kanthi sae.
        Atur sapala ing nginggil, minagka ancer-ancer kagem panatacara menapa dene ingkang binadhe panatacara, amrih sageda dumados kekudanganing para sutresna budaya, wontenipun panatacara ingkang SEMBADA. Ewa semanten tumrap para ingkang amung badhe nyumerepi kados pundi panatacara menika, inggih nama lowung saged minangka imbet pangertosan.

      NYEBAT PARA TAMU

      1. Para tamu.
        Para lenggah.
        Para rawuh.
      2. Para pinisepuh, para sesepuh, para Aji sepuh, para rawuh para kadang mudha wredha.
      3. Para pepundhen, para pinisepuh, para sesepuh.
      4. Para pangemban pangembating praja.
      5. Para satriyaning nagari.
      6. Para trahing sutresna budaya adi luhung.
      7. Para ngulama.
      8. Para bapak, para ibu, ingkang kinurmatan.
      9. Panjenengan dalem para luhur, tuwin panjenenganipun para tamu.
      10. Para pelayat,
        Para takjiyah,
        Para asung bela sungkawa
        Para pambela sungkawa

      SESEBATAN

      1. Ingkang tuhu pinundhi.
      2. Ingkang dahat kinurmatan.
      3. Ingkang minulya.
      4. Ingkang sutresnan.
      5. Ingkang anggung mastuti dhateng pepoyaning kautaman.
      6. Ingkang pantes sinudarsana.
      7. Ingkang winantu sagunging pakurmatan.
      8. Ingkang dahat wicaksananing panggalih.
      9. Ingkang ingkang tuhu berbudidarma.
      10. Lss.

      SALAM KASUGENGAN

      1. Assalamu'alaikum Wr. Wb.
      2. Mugi sih wilasa, pangayoman, berkah, saha kanugrahan Dalem Gusti Ingkang Maha Suci, karentahna tumrap kula, saha panjenengan sedaya, samenika, sarta ing salamipun.
      3. Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti Ingkang Maha Asih mugi kajiwa kasalira wonten ing panjenengan sedaya.
      4. Winantu ing kawilujengan. Sarnartha sinukartaning panakrama.
      5. Mugi kasugengan dalem para luhur, saha kawilujengan kula saha panjenengan sadaya tansah winengkuwa ing barokah miwah pangreksa Dalem Pangeran, inggih Gusti ingkang Maha Kamisesa Bawana
      6. Lumintuning pundyastawa saking Gusti ingkang Maha Asih, ambabardaya pangaribawa ingkang tumanduk dhumateng para kawula dasuh. Kacihna ing salebeting kalenggahan menika panjenengan kula pinarengaken kempal manunggal kanthi karaharjan, katentreman, kabgyan sarta kabagaswarasan.
      7. Ooom, anti-santi ooom.
      8. Rahayu-rahayu-rahayu.
      9. Hong ilaheng awignam astu namas sidham.
      10. Lan sanes-sanesipun.

      PURWANING PAHARGYAN

      Nuwun,
      Lumintuning pundyastawa saking Gusti ingkang Maha Asih ambabar daya pangabirawa ingkang tumanduk dhumateng para kawula dasuh. Kacihna ing salebeting kalenggahan menika panjenengan kula pinarengaken kempal manunggal kanthi karaharjan, katentreman, kabgyan sarta kabagaswarasan.
      Langkung rumiyin sumangga sami manungku puja dhumateng Ingkang Amurba Amasesa, mugi salwiring gati purwa madya wasana kasembadan lulus raharja kalis ing rubda.
      Nuwun, para pepundhen, para pinisepuh, para sesepuh ingkang anggung mestuti dhateng pepoyaning kautaman, ingkang kinurmatan.
      Para pangemban pangembating praja, Para satriyaning nagari, pangayomaning para kawula dasih ingkang sinubeng pakurmatan.
      Para trahing sutresna budaya adi luhung ingkang anggung mermadi mardawaning budaya luhur, sumarambah para sanak kadang mitra pitepangan, ingkang pantes tampi pakurmatan.
      Mundhi dhawuhipun ingkang amengku karsa, Ibu saha Bapak Drs. Amat Jais Hadikusuma miwah gotrah kulawarga, keparenga kula anglantaraken lampahing pahargyan pengetan 25 warsa palakrama Ibu saha Bapak Drs. Amat Jais Hadikusuma.Sugeng rawuh, sugeng lenggah, saha sugeng pepanggihan.
      Para rawuh kakung sumawana putri ingkang winantu ing suka rahayu. Keparenga angaturaken rantaman urutaning adicara pahargyan samangke punika.

      Senin, 22 Agustus 2016

      MULA BUKANING UPACARA TINGKEBAN utawi MITONI

      Mula Bukanipun Upacara Tingkeban utawi Mitoni


      Wonten ing Serat Pustakaraja Madya ingkang dipun terbitakan dening Tanaya ing tahun 1938, nyariosaken bilih upacara Tingkeban punika kawiwitan rikala jaman paprentahanipun Prabu Jayapurusa ing Nagari Widarba. Dipun cariyosaken, bilih ing wewengkon nagari kasebat wonten satunggaling pasangan 'suami isteri' ingkang nama Ki Sadya lan Nyi Tingkeb. Piyambakipun sampun selangkung tahun anggenipun omah-omah, ananging saben-saben Nyi Tingkeb nglairaken anak temtu lajeng tilar, mboten purun dipun emong.
      Ing satunggaling wekdal Ki Sadya lan Nyi Tingkeb ingkang nembe nandhang dhuhkita menika pikantuk wisik, bilih Kyai Sadya lan Nyi Tangkeb kadhawuhan sowan ing ngarsaning Prabu Jayapurusa, awit nata Widarba menika anggadhahi kawicaksanan ingkang sakalangkung ageng, tartamtu saged paring luwar dhumateng panandhangipun Ki Sadya lan Nyi Tingkeb.
      Saestu, kekalihipun sowan ing ngarsanipun Sang Prabu, nyariosaken purwa, madya lan wasana panandhanging gesang, ngantos kaparingan wisik, kadhawuhan marak ing ngarsanta nata. Sang Prabu Jayapurusa ageng ing welasipun midhangetaken pasambating kawula kekalih. Salajengipun Sang Prabu sagah paring margi luwaring bebendu, sauger Kyai Sadya lan Nyi Tingkeb purun anglampahi sekawan prekawis, injih menika :
      1. Mragat ayam saben ngantos tahun
      2. Saben dinten Rebo lan Setu adus ing lepen ngagem ciduk siwur lan maca mantra;
        Hong Hyang-Hyangning martayu,
        amartani sarwa uma sestu,
        umaningsung ya uma wisesa-jati,
        wisesaning Batara gung,
        pan iya wisesaningong.
      3. Menawi sampun ngandhut, Nyi Tingkeb kedah kendhitan ron tebu tulak
      4. Saksampunipun nglampahi upacara punika (mragat ayam, maca donga mantra, adus lan sabukan ron tebu telak) lajeng gantos busana ingkang enggal lan suci (pethak).
      Kanthi manah gilig, kekalihipun nglampahi menapa ingkang kadhawuhaken Sang Prabu. Kaelokaning kahanan, Nyi Tingkeb marambah-rambah ngandhut lan mbabar putra kanthi slamet, bagas waras.
      Sang Prabu rena ing penggalih, Kyai Sadya lan Nyi Tingkeb katimbalan sowan. Sabdaning Sang Nata, gegandhengan kaliyan luwaring bebendu, Kyai Sadya lan Nyi Tingkeb, kagantos asma dados Kyai Brayut lan Nyai Brayut, ( jalaran anakipun kathah ngantos pating brayut).
      Salajengipun Sang Nata paring dhawuh dhumateng kawulanipun, mliginipun kagem para ibu. Soksintena ingkang kepengin jabang-bayi ing kandhutan luwar saking bebendu lan dumugi titi wanci leking saget lair lancar lan slamet nir sambekala, kadhawuhan nulada lampahipun Nyai Tingkeb sinartan ubarampe slametan wiwit setunggal wulan dumugi sanga wulan, injih menika :

      Setunggal wulan
      : Janin taksih bening kados toya, slametanipun jenang pethak.
      Kalih wulan : Janin semburat abrit kados rah, slametanipun jenang sumsum.
      Tigang wulan : Janin sampun wiwit padhet awarni jane, slametanipun sega punar.
      Sekawan wulan : Janin madhet saestu, slametanipun gudeg kupat.
      Gangsal wulan : Janin wiwit maujud, slametanipun tumpeng megana lan janganan.
      Enem wulan : Janin katingal mencungul abrit ndaging, slametanipun apem contong utawi apem pasung (clorot).
      Pitu wulan : Janin meh sempurna sifatipun, slametanipun tumpeng janganan pitung werna. Slametan pitung wulan menika kasebat mitoni utawi tingkeban. Biasanipun dipun sarengaken kaliyan slametan enem wulan, pramila slametanipun katambah apem contong. Dados lengkapipun kangge tingkeban, slametanipun tumpeng janganan pitung warni lan apem contong.
      Wolu wulan : Slametanipun jajan klepon lan srabi tangkeb, nggambaraken endog bulus ingkang badhe netes.
      Sanga wulan : Slametanipun jenang procot, supados lairipun jabang bayi gampil (mrocot) kupat sumpel nggambaraken dalanipun jabang bayi lan waluh kanthi pangajab supados ari-arinipun bayi kandel lan kiyat kados kulit waluh.
      Katitik saking ubarampe slametan, pranyata slametan pitu wulan mujudaken slametan ingkang paling komplit. Pramila dumugi samenika slametan kapunjeraken nalika kandhutan ngancik ing wulan ka pitu, lajeng mratah kasebat Mitoni. Wondene Tingkeban kapendhet saking nama Nyai Tingkeb ingkang pinangka cikal bakalipun upacara slametan kalebet Mitoni.
      Dududanipun prekawis, bilih tumrapipun tiyang Jawi nguri-uri upacara slametan kandhutan wiwit setunggal wulan ngantos dumugi sanga wulan (kalebet Tingkeban utawi Mitoni) menika mujudaken upacara atur puji panuwun denea pasangan calon Bapak ibu sampun kapitados pinangka patner-ipun Gusti Ingkang Murbeng Gesang kangge nyipta titah enggal inggih menika ponang jabang bayi. Sahengga gesanging calon jabang bayi ingkang sampun dipunparingaken lan dipun pitadosaken menika pantes dipun syukuri, dipun upakara lan dipun tresnani wiwit nalika gesang menika tumapak ing guwagarba lan ing salajengipun.
      Raos tresna dhumateng gesang menika estuning tuwuh saking 'Gesang' menika piyambak, saengga sok sintena ingkang nresnani gesang menika sami kaliyan nresnani Ingkang Akarya Gesang.(Herjaka HS)

      Sabtu, 20 Agustus 2016

      MC RESEPSI LIMRAH (RESEPSI LENGGAH)

      MC Resepsi Limrah (Resepsi Lenggah)

      I. Cecala
      1. Mugi sih wilasa, kanugrahan saha berkah Dalem Gusti ingkang Maha Hamisesa Bawana, tansah karentahna tumrap kula saha panjenengan sedaya. Samenika sarta ing salajengipun.
      2. Nuwun, panjenenganipun para tamu ingkang minulya, minangka pranatacara ing pahargyan dhauping penganten dalu menika, keparenga kula langkung rumuyin ngunjukaken puji sokur ing ngabiyantara Dalem Gusti, inggih Pangeran Allah SWT, dene awit saking pangayoman Dalem, kula saha panjenengan sedaya ing wekdal menika sampun kaparengaken lenggah ing pasamuan menika, kanthi wilujeng nir ing sambekala.
      3. Salajengipun minangka cecala keparenga kula ngaturaken rantaman urutaning titilaksana adicara ing pahargyan menika mekaten :
        • Angka setunggal - Pambuka
        • Angka kalih - Atur Pambagyaharja saking ingkang hamengku gati, katur para lenggah.
        • Angka tiga - Tanggap sabda saking panjenenganipun Bapak/Ibu Besan utawi kulawarga penganten kakung.
        • Angka sekawan - Wejangan utawi Sabdatama.
        • Angka gangsal - Panutup.
      4. Mekaten para tamu, urutaning titilaksana adicara ing pahargyan dalu menika. Salajengipun sarwi nengga samektaning samudayanipun keparenga mrayogekaken lenggah panjenengan sedaya sawatawis, sinambi imbal pangandika, saha midhangetaken gendhing-gendhing ingkang badhe katur. Sumangga. Nuwun.
      II. Ngacarani Lumarabing Panganten
      • Nuwun, panjenenganipun para tamu ingkang sutresna, keparenga atur uninga bilih penganten sampun paripurna anggenipun ngrasuk busana, Bapak - Ibunipun saha para pangambyong ugi sampun samekta, ingkang menika kanthi binarung ungeling Lancaran Bindri, laras slendro pathet sanga, Penganten Sarimbit menapa dene para pangiring badhe satata-rakit ing sangajenging sasana pawiwahan. Dhumateng ingkang paniji nglarabaken penganten kula sumanggakaken. Sumangga.

        a). Panganten jajar jumeneng, kairing Bapak - Ibu saha para pangambyong.
        b). Menawi sampun tumata sedaya, gending kasuwuk, Mc lajeng matur malih.

         
      • Para tamu minulya, penganten sarimbit, Bapak - Ibuipun kekalih menapa dene para pengombyong sampun paripurna anggenipun satata-rakit. Sekedhap malih badhe kairing lumarab ing ngarsa panjenengan sedaya. Ikang menika, kanthi binarung ungeling Ladrang Penganten laras Pelog pathet Barang, Penganten badhe lumebet ing sasana wiwaha, anglenggahi dhampar rinengga. Dhumateng para tamu mbok bilih wonten keparengipun paring pakurmatan dhateng penganten, kula sumanggakaken. Nuwun.

        Tamu jumeneng, penganten dalah pengambyong lumebet sasana pawiwahan, kanthi urutan : Cucuk Lampah, Dhomas, Panganten, Bapak - Ibunipun panganten, Kulawarga, Pangambyong lan sanesipun.

        Dumugi ing kursi panganten lajeng lenggah. Bapak-Ibunipun lenggah ing kiwa tengen. MC nglajengaken atur malih, mbuka pahargyan menika.

       III.  Ngacari Pambukaning Pahargyan
      • Para pinisepuh ingkang dahat pinundi, para tamu ingkang minulya. Penganten kekalih sampun anglenggahi sasana rinengga, kaapit ingkang Bapak - Ibunipun kekalih. Wekdal sampun dungkap, sarta samudayanipun sampun samekta, ingkang menika, mugi wontena keparengipun pahargyan dhauping penganten Rara Dra. TITIK PARWATI, putra putrinipun panjenenganipun Bapak Drs. Sukirno sekalian ingkang pidalem ing dhusun Sonosewu Desa Ngestiharjo, Kecamatan Kasihan, Kabupaten Bantul Ngayogyakarta kalian Bagus Ir. SUMITRA HADI, putra kakungipun Panjenenganipun Bapak Wiryodirjo sekalian ingkang pidalem ing kampung Jogokaryan Mj. III/464 Ngayogyakarta, dalu menika, kawiwitan.
      • Amrih kaleksananing pahargyan purwa, madya, wasana, pinanggih rancag nir ing sakara-kara, mangga sami dipun buka sarana ndedonga miturut agami lan kapitadosan kula panjenengan sedaya. Dene ingkang ngrasuk agami Islam mangga kula ndherekaken ambuka kanthi waosan Basmalah. Sumangga.
        Bismillahir-rohmanir-rohim.... Sembahnuwun.

        ---------- Upami tanpa pandonga ugi kenging ----------
      IV.  Ngacarani Adicara Pambagyaharja
      • Nuwun para tamu kakung saha putri ingkang winantu ing pakurmatan, ngancik titilaksana adicara ingkang angka kalih, inggih menika Atur Pambagyaharjo saking panjenenganipun Bapak Drs. Sukirno sekalian inggih ingkang hamengku gati, katur panjenenganipun para tamu, ingkang badhe dipun salirani panjenenganipun Bapak R. Hadiprayitno, SH. Kula sumanggakaken. Saha  dhumateng panjenenganipun Bapak Drs. Sukirno sekalian kersaa hanjajari. Sumangga.

        ---- Ingkang kapiji tumuli majeng nindakaken jejibahan, dipun jajari jumenengipun dening ingkang hamengku gati -----
        ------ Sesampunipun paripurna, MC matur malih ------
      V. Ngacarani Lumadosing Pasugatan
      • Mekaten para rawuh, atur pambagyaharja saking panjenenganipun Bapak Drs. Sukirno sekalian katur para tamu, ingkang dipun salirani panjenenganipun Bapak R. Hadiprayitno, SH. kaaturaken sanget genging panuwun.
      • Salajengipun keparenga panjenenganipun para tamu mrayogekaken anggenipun sami lenggah, saha mangke mbok bilih sampun wonten lumadosing pasugatan ing ngarsa panjenengan sedaya, keparenga tumuli hangresepi kanthi suka gambiraning penggalih, sinambi midhangetaken atur pasugatan gendhing-gendhing ingkang kaaturaken lumantar pitaswara utawi cassette. Nuwun sumangga.

        ---- Para tamu ngunjuk saha dhahar dhaharan ----
        ---- Mangke menawi sampun sawatawis, saged kaaturaken pasugatan lelangen beksan, nyarengi para tamu anggenipun ngunjuk ----
        ---- Minangka mbok menawi wonten ----
      VI.  Ngacarani Pasugatan Beksan Golek
      • Para tamu kakung saha putri ingkang tuhu sinungga ing pakurmatan, anyarengi anggenipun para tamu angresepi pasugatan unjukan saha dhaharan menika, wontena keparengipun panjenenganipun Bapak Drs Sukirno sekalian ngaturaken pasugatan lelangen beksan gagrag Ngayogyakarta, ingkang winastan lelangen Beksan Golek Surungdhayung, minangka atur pakurmatan saha mangayubagya rawuhipun para tamu. Dene ingkang sami nindakaken inggih menika sedherek Nani saha sedherek Nuri. Sumangga sugeng hamriksani. Nuwun.

        --- Lelangen beksan majeng ---
        --- Sesampunipun paripurna ---
      • Mekaten para rawuh sutresna, pasugatan lelangen beksan Golek Surungdhayung ingkang katindakaken dening sedherek Nani saha sedherek Nuri sampun paripurna. Mugi-mugi saestu andadosna resep renaning penggalih panjenengan sedaya. Dumateng sedherek Nani saha sedherek Nuri kaaturaken panuwun.
      VII. Ngacarani Tanggap sabda Kulawarga Penganten Kakung (Tanggapsabda Besan)
      • Nuwun, panjenenganipun para tamu kakung saha putri ingkang minulya, mboten ngirangi eca sarta sekecanipun para tamu anggenipun hangresepi pasugatan, keparenga adicara pahargyan dalu menika kalajengaken.
      • Ngancik titilaksana adicara ingkang angka tiga kasuwun paringipun tanggap wacana, saking panjenenganipun Bapak Wiryodirjo sekalian, inggih Bapak - Ibu besan, ingkang badhe dipun salirani panjenenganipun Bapak Suwardi, S.Pd., sumangga, saha keparenga panjenenganipun Bapak Wiryodirjo sarimbit angapit Bapak Suwardi, S.Pd. sumangga.

        --- ingkang kajibah majeng nindakaken jejibahan ---
        --- Menawi sampun rampung MC nglajengaken acara ---

         
      • Mekaten para pinisepuh saha para lenggah ingkang kinurmatan, paring tanggap sabda saking panjenenganipun Bapak Wiryodirjo sekalian ingkang dipun salirani panjenenganipun Bapak Suwardi, S.Pd., sampun paripurna. Dhumateng panjenenganipun Bapak Suwardi, S.Pd., menapa dene Bapak Wiryodirjo sarimbit kaaturaken agunging panuwun.   
      VIII. Ngacarani Lumadosing Pasugatan Candhakipun
      • Para tamu, salajengipun senadyan wekdal sampun dungkap dalu, ewa semanten panjenenganipun para lenggah taksih kasuwun nglajengaken paringipun pangestu dhateng penganten sarimbit, mrayogekaken anggenipun sami lenggah. Saha mangke mbok bilih sampun wonten lumadosing pasugatan ing ngarsa panjenengan sedaya, keparenga tumuli hangresepi, boten nengga kula aturi malih. Sedaya menika inggih namung amrih rancaging panindak. Nuwun sumangga.

        --- Pasugatan Soup lumados ---
        --- Menawi tamu sampun meh rampung anggenipun dhahar soup, adicara kalajengaken ---
      IX. Ngacarani Adicara Wejangan / Sabdatama
      • Nuwun, para tamu anyarengi  para tamu ingkang taksih angresepi pasugatan, minangka nyumpeni wekdal keparenga adicara kalajengaken. Dungkap titilaksana adicara ingkang angsa sekawan, penganten sarimbit badhe kasuwunaken wejangan saking panjenenganipun Bapak Kyai Haji Ja'far Siddiq, minangka sangu lumebet ing bebrayan enggal. Dhumateng panjenenganipun Bapak Kyai Haji Ja'far Siddiq wekdal kula aturaken. Sumangga. Nuwun.

        --- Bapak Kyai Haji Ja'far Siddiq paring wejangan ---
        --- Adicara kalajengaken ---
      • Mekaten para lenggah sutresna, paring wejanganipun Bapak Kyai Haji Ja'far Siddiq dhumateng penganten kekalih sampun paripurna. Mugi-mugi paring wejanganipun kala wau saestu handayani sugengipun penganten kekalih mangke, tansah pinayungan ing berkah Dalem Pangeran, manggih ayo-ayem, tata-tentrem, begja-mulya, ing sapangandhap sapamginggilipun. Wasana saged kadumugen gegayuhanipun, dados kulawarga ingkang sakinah, mawaddah warahmah. Dhumateng panjenenganipun Bapak Kyai Haji Ja'far Siddiq, kaaturaken gunging panuwun. 
      X. Ngacarani Lumadosing Pasugatan Pungkasan saha Beksan Karonsih
      • Para tamu ingkang sinungga ing pakurmatan, sapurnaning titilaksana adicara wejangan, keparenga panjenenganipun para tamu mrayogekaken lenggah, sinambi ngresepi pasugatan ingkang badhe katur, inggih pasugatan dhahar kempul sinambi amriksani atur pasugatan lelangen Beksan Karonsih, ingkang badhe dipun tindakaken dening Nakmas Stefanus saha Nakjrng Hardi Sundari. Sumangga.

        --- Pasugatan lumados ---
        --- Menawi tamu iring ngajeng sampun linadosan, Beksan karonsih saged kawedalaken ---
        --- Menawi tamu sampun sami dhahar es, senajan dereng ngantos tuntas, saged katutup ---


        PENGET !!!
        ---Sampun ngantos karumiyinan tamu sami kondur ---
      XI. Ngacarani Adicara Panutup
      Nuwun, panjenengan dalem para luhur, panjenenganipun para tamu, kados sampun kadumugen anggenipun para tamu angresepi pasugatan dhahar kembul saha Beksan Karonsih menika wau, ingkang menika pahargyan dhauping penganten ing dalu menika sa,pun dungkap paripurna. Namung kantun titilaksana adicara ingkang pungkasan, inggih menika Panutup.
      Namung sakderengipun titilaksana Panutup katindakaken, wontena keparengipun Bapak Drs. Sukirno sekaliyan :
      • Ingkang sapisan ngunjukaken puji sokur, sembah nuwun, konjuk ngabiyantara Dalem Gusti Allah SWT, dene awit saking gunging kamirahan Dalem kaleksananing pahargyan dalu  menika pinanggih gangsar, rancag, nir ing sakara-kara.
      • Ingkang kaping kalih, kaaturaken sewu-sewu sembah nuwun saha sanget gunging panuwun dhumateng panjenenganipun para tamu, ingkang sampun saestu kepareng hangestreni pahargyan dalu menika ngantos dumugi paripurna.
      • Ingkang kaping tiga, mbok bilih ing salebeting pahargyan menika wau pinanggih bab-bab ingkang anguciwanci, panjenenganipun Bapak Drs. Sukirno kekalih dalah kulawarga namung nyuwun gunging pangaksami.
      • Salajengipun senajan rawuh panjenengan sedaya ing dalu menika sampun dados cihna, paringipun pangestu tumrap penganten sarimbit,  ewa semanten penganten kekalih taksih gungan, keparenga panjenenganipun para tamu paring pangestu sacara mirunggan kanthi jawad asta saha paring sabda, kalian penganten dalah Bapak-Ibunipun kekalih, ingkang badhe ngrumiyini cumawis ing sangajenging pintuning sasana pawiwaha menika, sinambi nguntabaken kundur panjenengan sedaya.
      • Salajengipun minangka panutup, mangga sesarengan manungku puja, dedonga, kanthi angeningake cipta, miturut agami saha kapitadosan kula panjenengan sedaya. Dene ingkang ngrasuk agami Islam, kula ndherekaken kanthi waosan Hamdalah. Sumangga. Alhamdulillahirobbil 'alamien....
        Sembah nuwun, saha sanget genging panuwun.
      • Para tamu pungkasaning atur, kula ingkang minangka pranata titilaksananing pahargyan dhauping panganten dalu menika, bilih kathah kekirangan saha kalepatan, kula namung saged cumadhong lumunturing pangaksami.
      • Sembah nuwun, saha sanget genging panuwun.
      • Wassalamu'alaikum Wr.Wb.


        ---- Penganten jengkar kairingan gendhing Runtung, minangka gendhing bibaran, ngantos dumugi telasipun para tamu ----
        ---- MC mbok menawi taksih ngacarni photo keluarga lan panitia kalian penganten ngantos saparipurnanipun ----

      Kamis, 18 Agustus 2016

      UPACARA NEBUS KEMBARMAYANG

      Upacara Nebus Kembarmayang

      Menapa daruanipun dene ing pawiwahan saha pahargyan temanten temtu wonten eden-eden ingkang winastanan Kembarmayang mawi puspita aji Kalpataru Dewandaru utawi sekar mancawarna. Menika sedaya inggih awit saking ila-ila wewarah dhawuhipun para pinisepuh ingkang tetela satuhu adiluhung. Pranyata ngantos ing wanci sapriki Kembarmayang taksih binudi amrih lestari, karengga ing madyaning adicara temanten.
      Kembarmayang mligi namung kangge ing adicara panganten. Liripun pahargyan sanes-sanesipun mboten mawi rerenggan Kembarmayang. Kembarmayang mekaten saksanesipun kangge eden-eden nuwuhaken sengseming raos, ugi mujudaken pasemon ingkang sinandi. Kembarmayang menika dados sarananing penganten ingkang kedah kaupadi, ugi minangka pralambang tumrap sri penganten sageda kembar, liripun jumbuh lair miwah batosipun, satembah tinmbang tresna lan asihipun. Ing tembe temanten tetep lestari anggenipun mangun brayat.

      Lumampahing adicara :
      MC : Panjenengnipun para rawuh ingkang sinungga ing akrami, Calon Penganten Putri nun inggih Nak Jeng Rara Dra. Titik Parwati sampun kakanthi lan kalenggahaken ing dhampar ingkang paniji. Katur panjenenganipun Bapak Drs. Sukirno sekaliyan tumuli badhe paring dhawuh dhumateng ingkang putra. Dene ingkang putra ugi badhe nyuwun mugi ingkang rama kersa madosaken Kembarmayang. Katur panjenenganipun Bapak Drs. Sukirno keparengga paring pangandikan dhumateng ingkang putra. Wawan pangandikan salajengipun kula semanggakaken, sumangga.
      Bp. Drs. Sukirno : Anakku, Titik Parwati sing dak tresnani. Aku bakal ndangu marang sira, kanthi disekseni pinisepuh, dakjaluk pratelan antebing atimu anggonmu arep dak dhaupake karo anakmas Sumitra Hadi putrane kangmas Wirdyodirjo, mara gage matura.
      Titik Parwati : Keparenga kula matur ing ngarsanipun Bapak saha Ibu ingkang tansah kula bekteni. Kula ndherek dhawuhipun Bapak saha Ibu , kula inggih mboten badhe selak, kula purun kadhaupaken kaliyan Kakangmas Sumitra Hadi. Nanging keparengan kula gadhah panyuwun, mbokbilih kepareng saha danganing penggalih, kula nyuwun bebana minangka sarat sarananing palakrama, sasaged-saged kula nyuwun kapadosaken sekar Kembarmayang sakpirantosipun.
      MC : Ringkes metes wawan pangandikan antawisipun Bapak Drs. Sukirno kaliyan Nak Jeng Rara Titik Parwati. Midhanget aturipun ingkang putra, Bapak Drs. Sukirno arsa anetepi jejering asepuh amiwah putrinipun kanthi nduta pun Saraya Jati saperlu ngupadi Kembarmayang.
      Kyai Saraya Jati kepareng badhe sowan wonten ngarsanipun Bapak Drs. Sukirno. Sumangga.
      Panjenenganipun para rawuh, kawistara Kyai Saraya Jati sampun kapara ngarsa, salajengipun Bapak Drs. Sukirno kepareng badhe wawan pangandikan kaliyan Ki Saraya Jati. Sumangga.
      Bp. Drs. Sukirno : Adhimas Saraya Jati , labet anggen kula tresna dhumateng anak kula ingkang badhe palakrama, mugi keparengan kula nyuwun tulung dhumateng panjenengan, mugi kersa angupadi pundi ta dumungipun sekar aji manca warni Kalpataru Dewandaru ingkang sinebat Kembarmayang.
      Saraya Jati : Bapak Sukirno, binggahing manah ingkang tanpa pepindhan. Mboten kayana kula ingkang pinitados angupadi sekar adi Kembarmayang. Sedaya dhawuh panjenengan badhe kula estokaken. Pangestus panjenengan ingkang tansah kula suwun. Kebarengan kula bidhal dalu punika.
      Bp. Sukirno : Pangestu kula mbanyu mili Dhimas, mugi-mugi Gusti angijabahi panyuwun kula ingkang lumantar panjenengan. Enggala kondur hanganti Kembarmayang.
      Saraya Jati : Nun inggih keparengan kula nyuwun pamit.
      MC : Datan den cariyosaken lampahing Saraya Jati anggenipun angupadi Kembarmayang.
      Kawistara Saraya Jati wus dumugi ing papan ingkang tinuju, hanenggih pacrabakan dalemipun Ki Wasita Jati.
      Wasita Jati : Mangke taki sanak, kula pun Wasita Jati ngaturaken pambagya pasegahan panakrami sugeng rawuh dhumateng panjenengan sedaya wonten ing padhepokan Kebonarum kula ngriki. Salajengipun menawi kepareng mangertos sinten ta asma panjenengan sarta menapa ingkang dados darunanipun kok sajak karaya-raya rawuh paduka ing pacrabakan kula ngriki?
      Saraya Jati : Kasihinggan Kyai. Sewu agunging panuwun awit saking pambagenipun. Kyai nama kula pun Saraya Jati, Tebih saking tlatah ngriki, kula dinuta panjenenganipun Bapak Sukirno saperlu ngupadi Kalpataru Dewandaru nun inggih Kembarmayang.
      Wasita Jati : Kaleresan Ki Sanak menapa ingkang panjenengan kersakaken  Kalpataru Dewandaru ingkang kaprah sinebat Kembarmayang, minangka sarat saraha tumrap dhauping putra Penganten, kaleres kalihipun dumunung wonten ing ngriki.
      Saraya Jati : Sukur binage sewu Kyai. Menapa kepareng menawi sekar kekalihipun kula suwun kaboyong  pinangka sarana dhaupipun temanten Nak Jeng Rara Titik Parwati.
      Wasita Jati : Sampun Kuwatos ing penggalih Ki Sanak, temtu kemawon kepareng. Namung sakderengipun kaboyong katur dhumateng ingkang hanuta panjenengan, ingkang rumiyin keparenga kula njlentrehaken menggah werdining Kalpataru Dewandaru ingkang sinandi wiwit oyot ngantos dumugi sekar lan wohipun.
      Oyot-ipun Baju Bajra : minangka pasemaon tumrap penganten sarimbit  inggih lambanging kekiyatan. Pengaten sarimbit kedah kiyat santosa lair dan batosipun murih gesang bebrayanipun samangke saged teguh santosa bonten gampil kengguh ing godha lan gebyaring kaendhahing, temah boten gampil kasempyok karengkahaning bebrayan.
      Wit-ipun Kayu Purwa Sejati : tuhu gesang bebrayan menika minangka purwaning gesang tembayatan ing madyaning masyarakat. Pramila kedah saged ndherek ombyak olah kridaning masyarakat. Gesang ingkang linambaran pikurunan badhe manggihaken pagesangan ingkang tumuju ing kamulyan sejati.
      Pang-ipun Keblat Papat : wetan kilen eler lan kidul werdinipun pundi papan ingkang kajangkah dening putra penganten kekalih salebeting pados boga lan wastra kagem kabetahan gesangipun mugi pinaringan gampil, sokur malah kepara tirah satemah saged sumrambah dhateng sakanan-keringipun.
      Ron-ipun Pradapa Mega Rumendhe : Ron ingkang subur angrembuyung dados pratandha bilih ing mbenjang gesangipun sageda dados pangayoman. Menika minangka gegambaran gumlaring antariksa ingkang binuntel mega-mendung angendan bilih sampun badhe tumuruning jawah. Toya mekaten mila minangka kabetahaning gesang. Kanthi sumiraming toya ing silumahing bumi andadosaken adhem, tentrem, sarta ayem kados gesangipun wit ingkang siniram jawahing toya.
      Sekar-ipun Dewandaru : Sekar mekaten minangka gegambaraning wanita ingkang sampun winengku ing kakung. Ing panganjab benjang sageda Penganten kekalih nurunaken putra kar- tumangkar ingkang saged nyambut sarasilahing kulawarga.
      Woh-ipun Kilat : Minangka gegambaraning putra. Kilat menika mbabar sunar. Soroting sunar sageda nyumrambahi sakiwa tengenipun. Gesangipun tansah sumorot, saged dados tepa palupining brayat. Yen ta kagungan putra , putra ingkang bekti dhateng rama dalah ibu, tansah mbudidaya amrih kuncaraning kulawarga. Putra ingkang ginandhang-gadhang ing tembenipun sageda dadi tiyang ingkang utama, migunani tumrap kulawarga, nusa bangsa sarwi saged mikul dhuwur mendhem jero asmaning sudarma asarimbit.
      Sekar Kembarmayang Kalpataru menika sekar sajodho. Menika saged dados gegambaran bilih putra Penganten kekalih sageda dados jodho ingkang pinasthi. Dene jangkeping Kembarmayang wonten degan sajodho, minangka gegambaran bilih putra kekalih anggenipun jejhodhohan mugi tansah linambarana weninging manah kajumbuhaken weninging cipta, rasa lan karsanipun, satemah gesangipun putra Penganten kekalih saged tulus mulya manggih raharja.
      Ki Sanak Saraya Jati mekaten menggah werdining sekar kembarmayang, mugi dadosna pamriksa.
      Saraya Jati : Mekaten lenggah luhuring wasita ingkang sinandi ing salebeting sekar adi Kalpataru Dewandaru inggih ingkang kaprah sinebat kembarmayang. Menapa sampun kepareng menawi sekar menika kula boyong samenika?
      Wasita Jati : Prayogi sanget Ki Sanak, nanging wonten pituwasipun. Sapisan kedah ngangge sedhah ingkang tinangsulan lawe wenang seta sajodho, kaliyan Klasa Bangka. Dene supados sekar menika mboten alum kedah pinaringan rerepen.
      Menggah jlentrehipun sedhah ingkang tinangsulan lawe wenang seta sajodho, mengku werdi sinandi. Sedhah menika beda lumah lawan kurepipun, nanging yen kageget nunggal ing raos. Inggih menika minunggaling jalu tanapi wanita. Bilih putra Penganten sesampunipun nindakaken ijab miturut tatacaraning agami ateges, putra temanten sarimbit sampun tinangsulan pikukuhing palakrami. Tinangsulan sutra putih ingkang ateges tinangsulan sucining batos miwah sucining katresnan, sucining  tekad anggenipun badhe mangun brayat.
      Klasa Bangka ingkang rinajut suket kalandana menika gegambaraning jagad padhang alam kadonyan. Manungsa winastanan sampurna menawi sampun njajagi ing tigang rambahan :
      Ingkang sepisan, Jagad Lokapala, inggih jagad padhang. Tinitah kadidene manungsa ingkang gesang wonten bebrayan kawiwitan duk rikala piyambakipun lair saking guwa garba. Inggih titi kalenggahan menika manungsa sumerep padhanging jagad.
      Ingkang angka kalih, Jagad Lokamadya, inggih alam kadewasan. Manungsa mekaten sesampunipun dewasa kedah  saged ngayahi jejibahaning gesang. Angka setunggal kedah saged ngisi gesangipun saengga saged mentes sarta murakabi gesang wau tumrap diri pribadhinipun sarta murakabi dhateng asanes. Angka kalih, manungsa ingkang sampun dewasa kedah ngleksanani bebrayan ingkang saged nurunaken putra pinangka ngajengaken sarasilahing kulawarga. Angka tiga, sesampunipun bebrayan , mugi sedaya saged migunani tumrap bebrayan agung. Saged dados tepa palupining brayat, murakabi ing masyarakat.
      Ingkang angka tiga, Jagad Lokapiguna. Menawi sampun kagungan putra, sageda kulawarga wau mulang wuruk para putra temah saged dados putra ingkang bekti dhumateng tiyang sepuh, migunani tumrap bebrayan agung ing madyaning masyarakat, labuh labet dhateng bangsa lan negara ingkang mekaten wau ndadosaken mongkoging penggalih tiyang sepuh, bebasan putra saged mikul dhuwur mendhem jero dhateng tiyang sepuh. Saged mulyakaken asmaning tiyang sepuh, sarta saged nyimpen wewadosing tiyang sepuh.
      Ing wasana, sasampunipun paripurna gati panggihing putra Penganten, Kembarmayang mugi kawangsulaken kanthi kabucal ing sakprasekawaning margi utawi ing lepen ageng.
      Sejak sampun tansah angrerantu ingkang anduta panjenengan, Sumangga Kembarmayang saged kaboyong, namung supados mboten alum, kula aturi paring rerepen, sumangga.
      Ki Saraya Jati : Inggih Kyai Wasita Jati, senadyan sagaduk-gaduk kula, kula badhe ngaturaken rerepen menangka sarana pamboyonging Kembarmayang.

      Dhandhanggula :
      Ratri iki kinayoman mugi
      dadya hayu kalis ing sangsaya
      entek lebur rubedane
      nama wit Klapataru
      miwah Dewandaru puniki
      antuk karsaning Suksma
      salugu kagadhuh
      ratu miwah kang akrama
      hingsta pra widadara widadari
      hanger maring buwana

      Yeki iki nugrahaning Widdhi
      aji sarat nambut silakrama

      srana kang kondur bakale
      hamore estri jalu
      dadya tedhak tuturuning wiji
      ilang salwiring godha
      putra tekeng putu
      ucap estining wong tuwa
      runtut antut tumeka kaki lan nini
      hayem tentrem uripnya

      Prajawata miwah widodari
      prapandhita resi myang jejanggan
      samya ngeningken ciptane
      muja-muji rahayu
      dhaupipun panganten kalih
      kalis ing sambekala
      winahyeng Hyang agung
      Kalayan kanthi suka 
      kasembadan apa kang sinedyeng kapti
      gya pinaringan putra 

      Wasita Jati : Maturnuwun Ki Sanak, sumangga kula aturi mboyong, namung mawantu-wantu panyuwun kula, saupami ngantos kaladuk ing dalu, panjenengan kula aturi nerasaken lampah sampun ngantos nyipeng ing samargi-margi. Sedaya wau kangge ngawekani sambekalaning margi. Sumangga Ki Sanak, sugeng kondur. Salam kula katur ingkang handuta panjenengan.
      MC : Purwa madya, miwah wasana sampun paripurna wacananipun Kyai Wasita Jati myang Sarana Jati. Kaselak ngaturaken warta kabingahan dhumateng Bapak Sukirno, Saraya Jati nggelak tindakira.
      Ki Saraya Jati sampun kasil hangasta sekar Kalpataru Dewandaru  i9ngkang minangka sarat sarana dhaupipun risang penganten. Daya-daya  Bapak Sukirno marepegi Ki Saraya Jati. Sajroning panggalih Bapak Sukirno angalembana Ki Saraya Jati ingkang sampun widada mboyong sekar Kembarmayang, sarta tansah muji sokur ing ngarsaning Hyang Suksma. Daya-daya Ki Saraya Jati sowan dhateng ingkang anduta.
      Saraya Jati : Panjenengnipun Bapak Sukirno ingkang minulya. Nun inggih awit saking pangestunipun para pinisepuh, pandonganipun para kadang kula saged ngudaneni pamundhut panjenengan.
      Saderengipun sekar mancawarna menika kula aturaken panjenengan, kula pikantuk titipan saking Ki Wasita Jati saperlu hangaturaken  sadwedha ingkang perlu dipun gantosaken dening calon penganten sarimbit.
      Calon penganten sekaliyan :
      Sad Wedha ingkang sepisan, calon penganten kakung rehning sampun mengku wanita, tandang tandukipun kedah beda nalika taksih jaka. Mekaten ugi penganten wanita kedah rumaos bilih sampun wonten ingkang mengku, pramila tumindakipun kedah netepana jejering wanodya ingkang sampun mboten lamban. Kekalihipun kedah mong kinemong amrih saged  mangun bale wisma ingkang bagya mulya.
      Sad Wedha ingkang angka kalih, calon penganten kakung kedah tanggel jawab dhumateng pangesanganing kulawarga, nyekapi kebetahaning brayat. Calon penganten putri saged ngecakaken asiling kakung Kayaning  kakung tinampi kanthi remening penggalih sarta dipuncakaken kanthi premati, gemi, nastiti, sarta ngati-ati.
      Sad Wedha ingkang angka tiga, penganten kekalih tansah hangudia sumoroting gesang satemah gesangipun saged mikolehi tumrap marang putra, tangga tepalih, kadang miwah pawong mitra.
      Sad Wedha ingkang angka sekawan, calon penganten kekalih salebeting manah nggadhahi raos sumungkem dhateng para sepuh kadidene sumungkem ing ngarsaning tiyang sepuh piyambak.
      Sad Wedha ingkang angka gangsal, gesang ing madyaning bebrayan agung wajib hanetepi angger-anggering  gesang ing masyarakat, temah saged guyub rukun nyantosani.
      Sad Wedha ingkang angka enem, ngestokaken dhawuhing Gusti ingkang Mahakuwaos saha Mahaasih sarta hayingkiri wewaler-Ipun. Gegebenganing agami kersaa katindakake ing saben dinten, murih ayem tentrem lair batosipun ingkang tansah pinanggih.
      Mekaten calon penganten sekaliyan saha panjenenganipun Bapak Sukirno suraosing Sad Wedha.
      Bp. Sukirno : Adhimas Suraya Jati, agunging panuwun kula mboten saged cinitra ing ukara. Migi budi luhur panjenengan menika pikantuk ganjaran lelintu saking Gusti ingkang Mahamirah. Budi kesaenan panjenengan saged tinulad dening para mudha ingkang sarwa-sarwi tanggel jawab sembada hangestasi karya.
      Suraya Jati : Maturnuwun Bapak, sumangga kersa nampi sekar adi mancawarna.
      Bp. Sukirno : Nun inggih Adhimas.

      MC : Gatining karya Risang Suraya Jati sampun paripurna. Satuhu satriya ingkang saged minangka tepa palupining para mudha. Luhur budi sarta mrantasi karya. Sintenta ingkang sinaraya minangka Ki Suraya Jati. Tuhu menika Adhimas Bambang Bremana. Sanadyan kawistara maksih muda nanging sajroning lumaksana nengenaken mring kasulilan lan kebak ing tatakrami.
      Panjenenganipun para rawuh. Mekaten menggah lumaksananing adicara tebus Kayu Klepu Dewandaru ingkang kaprah sinebat Kembarmayang. Ingkang kepareng ngemban ayahan ing dalu menika, pinangka Cantrik kasalirani dening Adhimas Darmadi saha Adhimas Darmaya. Dene ingkang minangka Ki Wasita Jati, Rakamas Puji Kartono. Wonten kirang jangkepipun atur para paraga nyuwun agunging pangaksama.

        



      WEJANGAN TUMRAP PENGANTEN

      WEJANGAN TUMRAP PENGANTEN


      I. BEBUKA
      • Nuwun, Assalamu'alaikum Wr. Wb.
        Mugi sih wilasa, pangayoman, saha berkah Dalem Pangeran Ingkang Maha Asih tansah karentahna, tumrap kula saha panjenengan sedaya, samenika, serta ing salajengipun.
      • Nuwun, panjenenganipun para pinisepuh, ingkang dahat pinundhi, para tamu ingkang satuhu kinurmatan. Keparenga langkung rumiyin kula ngunjukaken puji sokur ing Ngarsa Dalem Pangeran, Allah SWT, dene hawit saking lubering berkah Dalem, kula saha panjenengan sedaya sami kaparengaken lenggah ing pasamuan menika, kanthi widada, nir ing sambekala.
      • Salajengipun keparenga kula ndherek nepangaken, nama kula ..................., griya kula ................... kula taksih sedherek .................. kaliyan kadang kula anem, dhimas Drs. Sukirno. Dados menawi kaliyan anak kula penganten putri, kaleres ...................  Mila, menawi dinten menika kula kadhawuhan suka ular-ular, dhateng anak kula penganten sarimbit, menika, jalaran mila, taksih wonten sambet sedherek, utawi malah kalebet, tiyang sepuh. Dados inggih sampun samesthinipun, minangka tiyang sepuh suka pepeling dhateng anak.
      • Saestunipun kula rumaos boten kadugi, suka wejangan dhateng anak kula penganten kekalih, awit kejawi anak kula penganten sampun sami ngasta guru, ugi, jalaran kula rumaos boten pantes. Awit gesang kula kirang saged dados tuladha. Ewa semanten, rehning kula kapetelaken, hainggih sekamat-kamat  badhe kula pinangkani. Wondene atur kula mangke, ngemungna  kangge anak kula penganten kekalih, boten kangge sanesipun. Menika kemawon bok bilih wonten ingkang saged dipunagem. Dene menawi boten wonten, inggih boten dados menapa.
      • Ingkang menika dhumateng panjenenganipun para pinisepuh  miwah para lenggah,  kula nyuwun palilah, saha nyuwun pangestu, keparenga kula miwiti ayahan kula.
      II. WOSING ANDHARAN
      • Anakku penganten sakarone, lilanana aku matur nganggo basa ngoko wae, amrih kepenak anggonku matur, lan gampang panjenengan tampa.
      • Kaya aturku mau, satemene aku krasa ora samesthine yen atur wejangan. Mula sing arep tak aturake iki, piwelinge paras sepuh duk ing nguni, kang kaserat ing Serat Menak Yasadipuran, lan karacik awujud sekar, utawa kembang. Dene tembange Asmarandhana, rong pada, mengkene :
        1. Pratikele wong akrami,
          dudu brana dudu warna,
          amung ati pawitane,
          luput pisan kena pisan,
          yen gampang luwih gampang,
          yen angel angel kalangkung,
          tan kena tinambak arta.
        2. Tan kena tinambak warni,
          ugere wong ing akrama,
          amung eling dandanane,
          eling kawiseseng priya,
          tan kena asembrana,
          kurang titi kurang emut,
          yeku luput ngambra-ambra.
      • Dadi, wis kacetha ing pada kapisan, dene menawa pratikele wong jejodhohan, utawa sarana, dedalane wong mangun brayan sing apik, iku dudu brana, utawi bandha, uga dudu warna, utawa rupa sing apik, ayu, utawa bagus, naging mung ati. Ati sing tresna, sing kena kanggo pawitan. Kanggo dhasar. Dhasar saliyane katresnan, iku ora mitayani, ringkih, lan mbebayani. Awit katresnan iku darbe makna, utawa teges, kurban. Kurban, kanggo sing ditresnani. Sing kakung kurban kanggo sing putri, sing putri kurban kanggo raharjane sing kakung, dene kekarone,kurban kanggo raharjane putra-putrane. Kabeh wani nglalekake dhirine dhewe, mung kanggo gawe begjane  sing ditresnani. Kaya  ngono iku angel. Kudu sinau  digladhi, wiwit wiwitane mangun brayan. Yen kabeh padha wani mangreh dhiri pribadine, wani ngalahake EGOISME-ne, ya gampang. Nanging yen ora, ya kaluwih angel. Mula kasebut, yen gampang luwih gampang, yen angel, angel kelangkung.
      • Lha rehning katresnan iku minangka dhasare jejodhohan, mula kudu tansah dijaga lestarine. Katresnan iku dudu barang mati, nanging barang urip. Kaya tetanduran. Sing kudu dijaga amrih subure, sarana disirami, dirabuk, didhangir , lan sapiturute. Panjagane, nganggo cara werna werna. Kayata : ngudi amrih tansah ana sikep TINARBUKA. Blak-blakan. Kakung lan putrine. Malah mengko yen wis kagungan putra, ya karo putra-putrane. Kudu tansah ngeblak. Ana ing prekara prekara wigati, luwih-luwih, kudu padha priksane. Aja ana sing didhelikake. Kejaba iku, kudu tansah padha SAREMBUG. Kabeh prekara, ya sing nyenengake, ya sing nyusahake, kudu dirembug bareng. Aja dhewe-dhewe, aja ngalor-ngidul. Sahiyek-saekapraya. Kejaba iku, kanggo mbangun katresnan, kabeh, ya sing kakung, apadene sing putri, uga para putra, kudu pada wani NAMPA KASUNYATAN.
        Nampa kasunyatan kanthi lila-legawa. Lire, kudu wani nampa kahanane sisihane APA ANANE. Ya apike,  ya eleke. Ya kaluwih-ane, ya kekurangane. Yen ana kaluwihane, kudu ditampa kanthi penuh atur panuwun, dene kekurangane, kudu ditampa kanthi sabar, kanthi pambudidaya amrih bisa didandani, kanthi sareh, lan sumarah ing Pangeran. Kudu tansah eling menawa ing donya iki ora ono barang sing sempurna, kalebu awake dhewe iki, ya akeh cacade, akeh kekurangane. Sabanjure, kanggo ngudi lestarine katresnan, kudu tansah dijaga, kacukupane Kabutuhaning kulawarga, kanthi temen-temen. Kabutuhan pokok, umpamane : Sandhang, pangan, papan, pasinaon, kasaran, lsp. Kabeh diupaya, kanthi temen-temen. Pangan, ora mung pangane jasmani, nanging uga panganing rohani. Kabeh diupaya kanthi laras (harmonis), aja bot-sih, aja nglalelake siji lan sijine. kudu timbang, salaras.
      • Kabeh iku mau pancen angel, lan abot. Mula supaya kuwat, kudu tansah dilambari sikep ELING. Kaya kang kasebut ing pada kapindho. Yen pinuju bungah, utawa penak uripe, kudu eling yen iku peparing Dalem Kang Maha Agung, lagi diparingi entheng, nanging ora bakal salawase, dadi ya aja bungah-bungah banget, nganti mbungahi. Semono uga yen lagi diparingi abot, utawa rekasa, ya aja nlangsa banget-banget. Awit mesthi bakal antuk pitulungan.
      • Kejaba eling, menawa kahanan iku ora ajeg, sing luwih wigati, kudu tansah eling marang SANGKAN PARANING DUMADI. Yaiku PANGERAN KANG NITAHAKE awake dhewe. Eling marang Pangeran, ateges kudu MANEMBAH marang Panjenengane, sarana laku NGIBADAH. Pangibadahe manut agama utawa kapitayane dhewe-dhewe. Dene sampurnaning panembah, ora mung cukup sembahyang, tarak brata, pasa, lan prihatin, nanging kudu nindakake LAKU UTAMA. Tetulung marang sapadha-padha. Menehi pangan wong kaluwen, menehi sandhang marang wong kang kawudan, menehi teken wong kang kaluyon, menehi pepadhang marang kang kapetengan budi, lan sapiturute.
      • Yen bisa kaya mangkono, brayate, mesthi bakal tinresnan ing pepandhahing uripe, binerkahan ing Pangeran. Wasana bisa kelakon dadi brayat sing ayom-ayem, tata tentrem, migunani tumrap bebrayan, nusa, bangsa, lan negara.
      • Mengkono, pitutur sapala, dudu pituturku, nanging pitedahe para luhur duk ing nguni, sing bok menawa isih bisa diagem wektu iki. Ana kurange aku nyuwun gedhening pamengku. Pungkasaning atur, aku mujekake, muga-muga brayat panjenengan tansah pinayungan ing BERKAH DALEM PANGERAN, kuwat ngambah dalan sing rumpil, nanging dalan kang nuju marang kabegjan, lan karaharjan. Wasana bisa tumeka ing gisiking gegayuhan panjenengan kanthi slamet. Amin.
      III. PENUTUP
      • Mekaten para tamu, pitedah ingkang saged kula dumugekaken dhateng anak kula penganten sarimbit. Bok bilih wonten atur ingkang boten anuju prana, saha kagalih nalisir saking ugering tata krami, miwah kasusilan, kula nyuwun lumunturing pangaksami. Para lenggah, kantuna pinarak, manggiha suka, nuwun.
      • Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

      Rabu, 17 Agustus 2016

      PANATACARA SIRAMAN MANTEN ADAT JAWA

      UPACARA SIRAMAN

      1. Siraman

        Tegesipun NGEDUSI calon penganten, kanthi esti utawi niyat ngresiki lahir sarto batos, amrih pantes mangke nampi rawuhipun WIDADARI ing upacara midodareni minggahipun pantes nampi tugas / ayahan luhur, mangun balewisma, inggih nambut silaning akrami.

      2. Wekdalipun

        Limrahipun katindakken sedinten sakderengipun ijab. Wanci, pukul 14.00 ngantos 16.00 WIB.Cara kina, pukul 10.00 ngantos pukul 11.00 siang.

      3. Papanipun

        Ing kolah, utawi pekiwan, kamar mandi ugi saged. Jaman samangke, katindakaken ing papan mirunggan karengga, katata sae. Saged winastan GUBUK SIRAMAN.

      4. Ingkang nyirami

        Para bapak, utawi ibu, ingkang sampun peputra, utawi para pinisepuh ingkang sugengipun sae. Panyiram ingkang baku inggih menika tiyang sepuhipun piyambak. Dene cacahipun, sumangga. Saya kathah saya sae,waton cacah ganjil. Limrah kapendhet cacah PITU. Ingkang mengku suraos PITULUNGAN. Rumiyin piyambak bapakipun, lajeng ibunipun calon penganten, tumuli kalajengaken sanesipun.

      5. Uba rampe
      • Toya sumber
        Toya sumber ingkang bening saking sumberipun piyambak, saged katambah sumber-sumber sanesipun. Kathah sami ngagem sumber-sumbert ingkang kapenggalih gadhah angsar ingkang sae. Umpami, sendang, utawi tuk, ingkang kawentar sae, kadosta : Sendhang Kasihan, Sendhang Sana, Tuk Dlepih, Sendhang Seliran Kotagede, Tuk Guo Lourdes, lan sanes-sanes. Dipun pendet angsaripun kangge pengantin, amrih sugengipun, angsal sawab utawi pangaribawa sae, ngantos manggih ayem tentrem sapangandhap- sapanginggilipun.
      • Sekar Sritaman ( Sekar Setaman)
        Sekar ingkang tuwuh ing taman, utawi plataran, umpami mawar, mlathi, kenanga, kanthil, lan sanes-sanes. Dipun pendhet angsaripun amrih gesangipun  penganten saged amrik gandanipun, kados gandaning sekar kala wau. Liripun gesangipun sae, ngantos adamel aruming namanipun. Kejawi menika ugi sageda, saeyen kasawang. Edi, peni, kados taman sekar. brayatipun ketingal sae, rukun, ayem tentrem, sae yen sinawang.
      • Konyoh Mancawarna
        Konyoh, utawi lulur, ingkang kadamel saking wos lan kencur, kapipis, kacampur zat pewarna, arupi abrit, pethak, kuning, ijem, biru. Kaginakaken minangksa sabun, saha ngalusaken badan.
        Kadamel gangsal warni, mralambangi  keblat papat lima pancer. Amrih penganten sageda patitis milih ingkang sae serta prayogi kangge gesangipun, sawanci wonten ing gesang bebrayan mangke, mrangguli pepenginan, mawarni-warni.
      • Landha Merang, Santen Kanil, Toya Asem.
        Kaginakaken minangka kramas. Jaman samangke saged kagantos Shampo. Santen kangge damel cemeng rikma. Landha merang ngresikaken rikma, toya asem kagem saya ngresikaken malih.
      • Klapa kalih iji, satabonipun (Sakulitipun, kagandheng)
        Klapa kalih iji, sakulitipun, kagandheng, kalebetaken ing toya siraman. Mralambangi bilih penganten kakung putri badhe tansah manunggil. Saha badhe dados kulawarga ingkang migunani tumrap kulawarga sanesipun.
        Kados klapa ingkang meh sedaya peranganing wohipun, wonten pigunanipun.
      • Lemek Lenggah
        Lemek lenggahipun calon penganten dumados saking klasa bangka, sinjang, mori, ron-ronan (ron kluwih, ron awar-awar, ron apa-apa, turi, dhadbap srep, alang-alang, ri kemarung). Dlingo-bengle, badhe bango tulak warni sekawan, biru, kuning, ijem, abrit, sinjang lurik Yuyusekandhang, serta Sinjang lurik Pula Watu. Badhe letrek, saha badhe jingga.
      • Nyamping, saha mori kalih meter.
        Sinjang kaagem ing nglebet, jawi karangkepan mori pethak. Kalih-kalihipun kagem pinjungan. Kaagem nalika dipun sirami.
      • Sabun saha andhuk
        Kangge andhukan saha sabunan nalika bilas sesampunipun dipun sirami.
      • Kendhi utawi klenthing
        kaagem nyirami calon penganten ing wekdal pungkasaning siraman. Kaisi toya wening saking toya siraman wau utawi saking tuk pitu.
        Ingkang nyirami juru sumbaga, tiyang sepuhipun utawi salah satunggal pinisepuh.
      • Sajen siraman
        1. Tumpeng robyong
        2. Tumpeng gundhul
        3. Dhahar asrep-asrepan
        4. Pisang raja selirang
        5. Pisang pulut selirang
        6. Woh-wohan (pala gumandhul, pala kesimpar, pala kependhem)
        7. Empluk-empluk. Kaisi bumbon pawon jangkep.
        8. Tigan ayam jawi setunggal.


      PANATACARA SIRAMAN

      A. CECALA
      1. Nuwun, mugi sih wilasa, pangayoman, saha berkah Dalem Pangeran Ingkang Maha Mirang miwah Maha Asih, tansah karentahna tumrap kula saha panjenengan sedaya, samenika sarta ing salamipun.
      2. Para pinisepuh, para lenggah ingkang kinurmatan, keparenga kula ingkang kakersakaken minagka panatacara ing upacara Siraman sonten menika, langkung rumiyin ngunjukaken puji sokur ing ngarsa Dalem Allah SWT, ingkang awit saking lubering sih kamirahan Dalem, kula saha panjenengan sedaya ing wekdal menika, sami kepareng lenggah ing upacara siraman sonten menika, kanthi widada, nir ing sambekala.
      3. Salajengipun, keparenga kula ngaturaken Rantaman Urutaning adicara, ing Upacara Siraman tumrap Calon Penganten Putri, inggih Rara Dra. Titik Parwati, sonten menika mekaten :
        1)   Pambuka kalajengaken Pambagyoharjo.
        2)   Ngracik Toya Siraman
        3)   Ngintun Toya Siraman utawi Toya Prewitasari
        4)   Sungkeman
        5)   Siraman
        6)   Bilas
        7)   Pagas rikma
        8)   Tanem rikma
        9)   Ngresepi pasugatan
        10) Panutup
      4. Mekaten, para pinisepuh, saha para lenggah, rantaman adicara ing upacara sonten menika.

       B. PAMBUKA
      1. Salajengipun rehning wekdal sampun dungkap, sarta samudayanipun sampun samekta, wontena keparengipun upacara siraman tumtap Calon Penganten Putri, inggih Nak Jeng Rara Dra. Titik Parwati putra putrinipun Bapak Drs. Sukirno sekaliyan, wekdal menika kawiwitan.
        Minangka mbuka upacara menika, mangga keparenga kula dherekaken, manungku puja, ndedonga, miturut agami saha kapitadosan kula panjenengan piyambak-piyambak. Ngeningaken cipta, kawiwitan. (........ ening sawatawis.......), sampun paripurna, sembah nuwun.
      2. Para tamu sutresna, panjenenganipun Bapak Drs. Sukirno sekaliyan, senadyan sampun sawatawis kasep, kaparenga ngaturaken sugeng rawuh, winantu atur panuwun ingkang tanpa upami, dene panjenengan sedaya ing wekdal menika sampun sami kepareng rawuh, saperlu minangkani panyuwunipun, inggih menika paring pengestu dhateng Badhe Penganten, anggenipun badhe nindakaken Upacara Siraman ing wekdal menika. Awit saking kasaenan panjenengan kala wau, Bapak Drs. Sukirno sarimbit namung saged nyuwun ing ngabyantara Dalem Pangeran Ingkang Maha Wikan saha Maha Mirah, ingkang badhe paring kanugrahan ingkang tanpa pepindhan, minangka piwalesipun.


      C. NGRACIK TOYA SIRAMAN
      1. Para lenggah, miwah para pinisepuh, salajengipun dungkap adicara angka kalih, inggih menika Ngrancik Toya Prewitasari. Inggih Toya Siraman. Ingkang menika kasuwun panjenenganipun Bapak Drs. Sukirno dalah ibu, rawuh ing Gubug Siraman, saperlu nindakaken upacara menika, ingkang badhe linadosan dening Ibu Marmin Sardjono, manangka Juru Sumbaga. Sumangga.
      2. (Bpk. Drs. Sukirno / ibu sampun rawuh ing gubug siraman).
      3. Ingkang kapisan panjenenganipun Bapak Drs. Sukirno sekaliyan, badhe maringaken (ngesok toya) toya saking ember (klenthing) dhateng bokor siraman, kalajengaken maringaken Sekar Sri Taman ing toya, sumangga.
        (Menawi wonten Toya Tuk Pitu, ugi kaparingaken ing bokor, urut saking pundi toya kala wau, kalebetaken / dipun curaken ing bokor, saking setunggal, kanthi dipun acarani dening MC).
      4. Salajengipun Bapak Drs. Sukirno sarimbit nyemplungaken klapa sagandheng, ing bokor. Sumangga. Para lenggah, klapa segandheng , ingkang minangka pralampita, badhe tumapaking brayat anyar, inggih brayatipun penganten, kaajab sageda tansah atut, runtut, renteng-renteng, runtung-runtung, manunggil tan kenging pinisah.
      5. Sampun paripurna pangraciking tiya prewitasari. Tumuli badhe ngisi bokor, ingkang mangke minangka ngintun toya siraman dhateng badhe besan, minangka nyirami badhe penganten kakung.
      D. NGINTUN TOYA SIRAMAN
      1. Para tamu, tumuli kalajengaken adicara salajengipun inggih menika Ngintun Toya Prawetasari. Dhumateng panjenenganipun Bapak Ir. Suharto, DS. sekaliyan ingkang minangka utusan, kasuwun majeng, saperlu nampi toya prewitasari saking panjenenganipun Bapak Drs. Sukirno sekaliyan. Sumangga.
      2. Bapak Drs. Sukirno :
        ''Bapak Ir. Suharto, DS. sarimbit, kula kekalih ngresaya panjenengan sekaliyan, ngaturaken toya prewitasari menika, dhateng kamas Wiryodirjo sekaliyan, inggih badhe besan, sageda kaagem nyirami badhe penganten kakung''.
      3. Bapak Ir. Suharto, DS. :
        ''Matur suwun, awit saking kapitadosan ingkang kaparingaken dhateng kula, dhawuh panjenengan badhe kula estokahen. Kula nyuwun pangestu amrih lampah kula wilujeng. Saha tumuli keparenga madal pasilan. Nuwun''. (Bapak Ir. Suharto, DS. mundur).
       E. SUNGKEMAN
      1. Para pinisepuh, tuwin para tamu, sapengkeripun utusan, inggih panjenenganipun Bapak Ir. Suharto, DS. sarimbit tumuju ing dalemipun Bapak Wiryodirjo ing Jogokariyan, ngampil Toya Prewitasari, wontena kepanengipun upacara kalajengaken. Minangka cecawis badhe tumapaking upacara siraman, calon Penganten Putri, badhe SUNGKEM dhateng rama saha ibu, kejawi nyuwun pangestu, ugi minangka nelakaken agunging atur panuwun, tuwin pakurmatan, saking putra dhateng sudarma, ingkang sampun ageng jasa-jasanipun (lelabetipun) tumraping gesangipun. Upacara Sungkeman badhe katindakaken ing kamar pengantin. Bapak Drs. Sukirno sarimbit kasuwun lumebet ing kamar penganten. Sumangga.
      2. (Drs. Sukirno sekalian sampun dumugi ing kamar penganten, lajeng lenggah ing dhipan utawi pasareyan, Bapak ing tengen, Ibu ing kiwa.
      3. Para tamu sutresna, salajengipun Nak Jeng Rara Dra. Titik Parwati sampun anyaketi lenggahipun Bapak Drs. Sukirno, tumuli angaturaken sembah, saha salajengipun lampah pocong, timpuh ing ngersanipun, asta kalih nyangga jengku, tumuli jengku kaaras. Bapak Drs. Sukirno anapakaken asta, ing pamidhanganipun putra, sarwi memuji paring pangestu. Pangudaraos ing penggalih :
        ''Sembah suwun dhuh Pangeran, dene kula kepareng nyumerepi dewasaning anak, berkah Dalem kaparingna dhateng anak kula menika, inggih berkah karaharjan, kabegjan, saha kasantosan. Amrih gesangipun tansah tumapak ing margi Dalem, wasana saged dumugi ing gisiking gegayuhan, inggih sasana Dalem, papaning kabegjan langgeng''.
      4. Sampun paripurna sungkem dhateng rama, agahan gentos sungkem ing ibu. Boten saged kagambaraken ing atur, kados menapa penggalihipun ibu Sukirno, dupi nampi bektining putra. Sakala bredel, akembeng waspa. Kadya mutiara uwal saking roncenipun. Karaos-raos ing penggalih, enget duk nalika putra taksih timur. Kabopong-bopong, kakempit, kaindhit, kaloloh kados peksi, kagadhang benjing dadosa lare ingkang utami, dadosa kulawarga ingkang mandhiri, saged njujung asmaning tiyang sepuh, ayom-ayem tata tentrem, lulus raharja ngatos salaminipun. Samangke saestu badhe dados kasunyatan. Namung sakedhap. Bebasan sakedhep netra, karanta-rantaning panggalih, awit enget bilih menika sasana upacra. Mila tumuli kaberat kabuncang tebih. Tumuli menyat saking palenggahan, anganthi ingkang putra, kinanthi tumuju sasana siraman, sesarengan kaliyan Bapak Drs. Sukirno.
      5. Para tamu, tumapaking upacara sungkem, sampun purna, tumuli badhe katindakaken upacara Siraman. Calon Penganten kakanthi manjing sasana siraman, kairing para pinisepuh ingkang badhe anyirami.
      F. SIRAMAN
      1. Para pinisepuh miwah para lenggah, minangka purwaka keparenga ngawuningakaken, bilih ingkang badhe kasuwun nyirami Calon Penganten Putri, inggih menika :
        1)  Bapak Drs. Sukirno
        2)  Ibu Sukirno
        3)  Eyang putri Sarana Dimejo
        4)  Eyang putri Darmosuwito
        5)  Budhe Martosuwignyo
        6)  Bulik Riyanti
        7) Ibu Marmin Sarjono ( Ibu Juru Sumbaga)
      2. Ingkang kapisan, panjenenganipun Bapak Drs. Sukirno amiwiti nyirami. Kapurwakan sarana ngeningaken cipta, tumuli nyidhuk toya prewitasari, kasiramaken ing mustaka, nyidhuk kaping kalih kasiramaken ing pamindhangan, dene nyidhuk angka tiga kasiramkaken ing peranganing sarira sanesipun. Tumuli anggosokaken konyoh mancawarna. Katutup sarana nyiram kaping tiga, minangka amungkasi panyiramanipun. Sapurnaning ngeningkaken cipta, Bapak Drs. Sukirno sumene, paring wekdal dhateng ibu, ingkang tumuli sumusul anyirami.
      3. Salajengipun Ibu Sukirno, manungku puja, ing batos nyuwun sihing Pangeran, kangge rahajenging putra, tumuli nyirami putra, miwah angonyohi. Purna angonyohi, katutup nyiram malih. Sampun paripurna Ibu Sukirno anyirami putra putri amrih suci lair tandhes ing batos,pantes anggenipun manjing alaming bebrayan, inggih timbalaning gesang ingkang luhur, mbangun brayat utami. Paripurna Bapak Drs. Sukirno miwah ibu, anyirami putra putri.
      4. Salajengipun kasuwun panjenenganipun Eyang Putri Sarana Dimejo, inggih eyang saking rama, kersa anyirami wayah. Sumangga.
      5. (Eyang Sarana Dimejo majeng, Bapak saha ibu Sukirno boten lengser, nanging cekap tetep jumeneng ing riku, namung sumene, kejawi hanekseni, ugi caos pakurmatan dhateng para pinisepuh ingkang sami hanyirami. Mangke sarampungipun ingkang sami nyirami, lajeng salaman kaliyan Bapak saha ibu Drs. Sukirno, lajeng lengser).
      6. Sampun paripurna Eyang Sarana Dimejo, hanyirami ingkang wayah. Dipun pungkasi sarana pandonga, miwah ngaras ingkang wayah, dados pratelaning raos tresna ingkang salangkung ageng. Sembah nuwun Eyang. Mangga kersa tumuli lenggah malih.
      7. (Mekaten salajengipun, ngantos no.6, Bulik Riyanti. Tumuli katutup inhkang angka 7, Ibu Juru Sumbaga, minangka mungkasi upacara siraman menika. Kejawi nyirami limrah, nanging ingkang wigatos ugi nyirami mawi toya kendhi ingkang dados pralambanging sesuci utawi reresik jasmani saha rohani. Calon Penganten Putri, nandhahake asta, toya kendhi kaecuraken ing astanipun Calon Penganten Putri, lajeng kagem kemu, kaping tiga, tumuli kalajengaken kaecuraken ing paranganing badan sanesipun. Trumrap umat Islam saged katindakaken kados dene wudhu. Sarampungipun, lajeng kendhi kabanting, dening Bapak Drs. Sukirno sekaliyan, utawi dening pinisepuh sanesipun, sarwi ngendika : ''WES PECAH PAMORE''. utawi ''ORA MECAH-MECAH KENDI NANGING MECAH PAMORE ANAKKU WADON''. Mecah kendhi ugi saged katindakaken dening Juru Sumbaga).

       G. POTONG RIKMA / KERIK
      1. Para tamu minulya, sampun paripurna upacara siraman, Bapak Drs. Sukirno miwah Ibu, anganthi putra putri, kairing manjing pewikan, saperlu bilas, saha gantos busana. (Cara kina, ngantos ngagem nyamping Grompol, kemul sinjang Nogosari, jaman samangke saged kagantos ngagem Daster). Purna bilas saha gantos busana, lajeng kakanthi manjing tilam sari, inggih kamar penganten, perlu katindakaken upacara POTONG RIKMA, utawi KERIK.
      2. Para pinisepuh saha para tamu, Bapak Drs. Sukirno serta ibu, linadosan dening ibu Marmin Sarjono, ngerik rikma utawi motong rikmanipun ingkang putra, minangka pralambang NGRESIKI SESUKER, NGRESIKI DOSA SARTA CACADIPUN. Mangke sesampunipun mangun brayan, kantun pinaggih saenipun, kautamanipun. Potongan rikma kaparingaken ing wadhah ingkang kacawisaken, mangke dumugi wancinipun, badhe katanem, sesarengan kaliyan rikmanipun Calon Penganten Kakung.
      3. Para lenggah, kaliyan nengga rawuhipun utusan, ingkang mangke badhe ngasta potongan rilunanipun Calon Penganten Kakung, wontena keparengipun mrayogekaken anggenipun lenggah, serta angresepi pasugatan ingkang badhe lumados. Sembah nuwun.
      4. (Sumene sawatawis, para tamu ngunjuk sarta dhahar nyamikan/snack).


      H. TANEM RIKMA
      1. Para tamu, sampun wonten rawuhipun utusan, inggih panjenenganipun Bapak Ir. Suharto, DS. sekaliyan, ngasta potongan rikmanipun Calon Penganten Kakung. Tumuli kaaturaken dhateng Bapak Drs. Sukirno sekaliyan. Rikma lajeng kaasta dening ibu Drs. Sukirno, kairing Bapak Drs. Sukirno, kadadosaken setunggal kaliyan rikmanipun Calon Penganten Putri, kabekta dhateng ngajeng dalem, katanem ing satengening pintu ageng. (Pintu utama rumah). Dados pralampita, bilih sampun saestu kabuncal tebih, watak awonipun calon penganten kakung saha putri.
      2. Para tamu, mekaten upacara tanem rikma, sampun paripurna. Salajengipun kaparenga mrayogekaken lenggahipun.


       I. NGRESEPI PASUGATAN
      1. Para lenggah ingkang sinungga ing pakurmatan, sampun sawatawis lenggah panjenengan sedaya, wekdal ugi sampun dungkap sonten, mila saking keparengipun panjenenganipun Bapak Drs. Sukirno sekaliyan, panjenengan sedaya kaaturaken pasugatan dhahar, sarana prasmanan. Ingkang menika binarung swantening pradangga saking casette (pita swara), kasuwun kersa para rawuh mundhut dhahar piyambak ing kamar tengah, saha lajeng keparenga, hangresepi kanthi renaning penggalih. Para tamu sugeng dhahar. Sumangga.

      J. PANUTUP
      1. Para pinisepuh, para Bapak-Ibu, saha para kadang mudha wreda ingkang sutresna, kados sampun kadumugen anggenipun angresepi pasugatan, saha upacara sampun paripurna, ingkang menika katun adicara ingkang pungkasan, inggih menika panutup. Namung saderengipun adicara panutup katindakaken, keparenga Bapak Drs. Sukirno sekaliyan, kanthi mirunggan, angambali ngunjukaken puji sokur, sembah nuwun ing Ngabyantara Dalem Pangeran, Allah SWT, dene awit saking lubering berkah miwah sih Dalem, kaleksananing Upacara Siraman ing wekdal menika, kelampahan rancag, nir ing sambekala. Salajengipun kaaturaken panuwun dhateng para pinisepuh, miwah para tamu, dene sampun kersa anjenengi upacara menika ngantos dumugi paripurna. Bapak Drs. Sukirno sarimbit ugi nyuwun lumunturing pangaksama, awit saking sedaya kakirangan saha kelepatan ingkang dumados ing acara menika. Minangka panutup kaparenga Bapak Drs. Sukirno ngunjukaken pakurmatan ing ngabyantara Dalem Pangeran kanthi pamuji : MUGI LINUHURNA ASMA DALEM PANGERAN, SAHA MANGGIHA TENTREM UMAT DALEM SAWEGUNG.
      2. Ing wasana kula ingkang minangka Pambiwara ing upacara menika, nyuwun lubering pangksama, awit saking sedaya kalepatan kula, saha ngaturaken sugeng kondur, mugi berkah Dalem Pangeran angayomi satindak panjenengan sedaya.
      3. Para tamu, andum sugeng. Nuwun. Wassalamu 'alaikum WR, WB.