Rabu, 17 Agustus 2016

PANATACARA SIRAMAN MANTEN ADAT JAWA

UPACARA SIRAMAN

  1. Siraman

    Tegesipun NGEDUSI calon penganten, kanthi esti utawi niyat ngresiki lahir sarto batos, amrih pantes mangke nampi rawuhipun WIDADARI ing upacara midodareni minggahipun pantes nampi tugas / ayahan luhur, mangun balewisma, inggih nambut silaning akrami.

  2. Wekdalipun

    Limrahipun katindakken sedinten sakderengipun ijab. Wanci, pukul 14.00 ngantos 16.00 WIB.Cara kina, pukul 10.00 ngantos pukul 11.00 siang.

  3. Papanipun

    Ing kolah, utawi pekiwan, kamar mandi ugi saged. Jaman samangke, katindakaken ing papan mirunggan karengga, katata sae. Saged winastan GUBUK SIRAMAN.

  4. Ingkang nyirami

    Para bapak, utawi ibu, ingkang sampun peputra, utawi para pinisepuh ingkang sugengipun sae. Panyiram ingkang baku inggih menika tiyang sepuhipun piyambak. Dene cacahipun, sumangga. Saya kathah saya sae,waton cacah ganjil. Limrah kapendhet cacah PITU. Ingkang mengku suraos PITULUNGAN. Rumiyin piyambak bapakipun, lajeng ibunipun calon penganten, tumuli kalajengaken sanesipun.

  5. Uba rampe
  • Toya sumber
    Toya sumber ingkang bening saking sumberipun piyambak, saged katambah sumber-sumber sanesipun. Kathah sami ngagem sumber-sumbert ingkang kapenggalih gadhah angsar ingkang sae. Umpami, sendang, utawi tuk, ingkang kawentar sae, kadosta : Sendhang Kasihan, Sendhang Sana, Tuk Dlepih, Sendhang Seliran Kotagede, Tuk Guo Lourdes, lan sanes-sanes. Dipun pendet angsaripun kangge pengantin, amrih sugengipun, angsal sawab utawi pangaribawa sae, ngantos manggih ayem tentrem sapangandhap- sapanginggilipun.
  • Sekar Sritaman ( Sekar Setaman)
    Sekar ingkang tuwuh ing taman, utawi plataran, umpami mawar, mlathi, kenanga, kanthil, lan sanes-sanes. Dipun pendhet angsaripun amrih gesangipun  penganten saged amrik gandanipun, kados gandaning sekar kala wau. Liripun gesangipun sae, ngantos adamel aruming namanipun. Kejawi menika ugi sageda, saeyen kasawang. Edi, peni, kados taman sekar. brayatipun ketingal sae, rukun, ayem tentrem, sae yen sinawang.
  • Konyoh Mancawarna
    Konyoh, utawi lulur, ingkang kadamel saking wos lan kencur, kapipis, kacampur zat pewarna, arupi abrit, pethak, kuning, ijem, biru. Kaginakaken minangksa sabun, saha ngalusaken badan.
    Kadamel gangsal warni, mralambangi  keblat papat lima pancer. Amrih penganten sageda patitis milih ingkang sae serta prayogi kangge gesangipun, sawanci wonten ing gesang bebrayan mangke, mrangguli pepenginan, mawarni-warni.
  • Landha Merang, Santen Kanil, Toya Asem.
    Kaginakaken minangka kramas. Jaman samangke saged kagantos Shampo. Santen kangge damel cemeng rikma. Landha merang ngresikaken rikma, toya asem kagem saya ngresikaken malih.
  • Klapa kalih iji, satabonipun (Sakulitipun, kagandheng)
    Klapa kalih iji, sakulitipun, kagandheng, kalebetaken ing toya siraman. Mralambangi bilih penganten kakung putri badhe tansah manunggil. Saha badhe dados kulawarga ingkang migunani tumrap kulawarga sanesipun.
    Kados klapa ingkang meh sedaya peranganing wohipun, wonten pigunanipun.
  • Lemek Lenggah
    Lemek lenggahipun calon penganten dumados saking klasa bangka, sinjang, mori, ron-ronan (ron kluwih, ron awar-awar, ron apa-apa, turi, dhadbap srep, alang-alang, ri kemarung). Dlingo-bengle, badhe bango tulak warni sekawan, biru, kuning, ijem, abrit, sinjang lurik Yuyusekandhang, serta Sinjang lurik Pula Watu. Badhe letrek, saha badhe jingga.
  • Nyamping, saha mori kalih meter.
    Sinjang kaagem ing nglebet, jawi karangkepan mori pethak. Kalih-kalihipun kagem pinjungan. Kaagem nalika dipun sirami.
  • Sabun saha andhuk
    Kangge andhukan saha sabunan nalika bilas sesampunipun dipun sirami.
  • Kendhi utawi klenthing
    kaagem nyirami calon penganten ing wekdal pungkasaning siraman. Kaisi toya wening saking toya siraman wau utawi saking tuk pitu.
    Ingkang nyirami juru sumbaga, tiyang sepuhipun utawi salah satunggal pinisepuh.
  • Sajen siraman
    1. Tumpeng robyong
    2. Tumpeng gundhul
    3. Dhahar asrep-asrepan
    4. Pisang raja selirang
    5. Pisang pulut selirang
    6. Woh-wohan (pala gumandhul, pala kesimpar, pala kependhem)
    7. Empluk-empluk. Kaisi bumbon pawon jangkep.
    8. Tigan ayam jawi setunggal.


PANATACARA SIRAMAN

A. CECALA
  1. Nuwun, mugi sih wilasa, pangayoman, saha berkah Dalem Pangeran Ingkang Maha Mirang miwah Maha Asih, tansah karentahna tumrap kula saha panjenengan sedaya, samenika sarta ing salamipun.
  2. Para pinisepuh, para lenggah ingkang kinurmatan, keparenga kula ingkang kakersakaken minagka panatacara ing upacara Siraman sonten menika, langkung rumiyin ngunjukaken puji sokur ing ngarsa Dalem Allah SWT, ingkang awit saking lubering sih kamirahan Dalem, kula saha panjenengan sedaya ing wekdal menika, sami kepareng lenggah ing upacara siraman sonten menika, kanthi widada, nir ing sambekala.
  3. Salajengipun, keparenga kula ngaturaken Rantaman Urutaning adicara, ing Upacara Siraman tumrap Calon Penganten Putri, inggih Rara Dra. Titik Parwati, sonten menika mekaten :
    1)   Pambuka kalajengaken Pambagyoharjo.
    2)   Ngracik Toya Siraman
    3)   Ngintun Toya Siraman utawi Toya Prewitasari
    4)   Sungkeman
    5)   Siraman
    6)   Bilas
    7)   Pagas rikma
    8)   Tanem rikma
    9)   Ngresepi pasugatan
    10) Panutup
  4. Mekaten, para pinisepuh, saha para lenggah, rantaman adicara ing upacara sonten menika.

 B. PAMBUKA
  1. Salajengipun rehning wekdal sampun dungkap, sarta samudayanipun sampun samekta, wontena keparengipun upacara siraman tumtap Calon Penganten Putri, inggih Nak Jeng Rara Dra. Titik Parwati putra putrinipun Bapak Drs. Sukirno sekaliyan, wekdal menika kawiwitan.
    Minangka mbuka upacara menika, mangga keparenga kula dherekaken, manungku puja, ndedonga, miturut agami saha kapitadosan kula panjenengan piyambak-piyambak. Ngeningaken cipta, kawiwitan. (........ ening sawatawis.......), sampun paripurna, sembah nuwun.
  2. Para tamu sutresna, panjenenganipun Bapak Drs. Sukirno sekaliyan, senadyan sampun sawatawis kasep, kaparenga ngaturaken sugeng rawuh, winantu atur panuwun ingkang tanpa upami, dene panjenengan sedaya ing wekdal menika sampun sami kepareng rawuh, saperlu minangkani panyuwunipun, inggih menika paring pengestu dhateng Badhe Penganten, anggenipun badhe nindakaken Upacara Siraman ing wekdal menika. Awit saking kasaenan panjenengan kala wau, Bapak Drs. Sukirno sarimbit namung saged nyuwun ing ngabyantara Dalem Pangeran Ingkang Maha Wikan saha Maha Mirah, ingkang badhe paring kanugrahan ingkang tanpa pepindhan, minangka piwalesipun.


C. NGRACIK TOYA SIRAMAN
  1. Para lenggah, miwah para pinisepuh, salajengipun dungkap adicara angka kalih, inggih menika Ngrancik Toya Prewitasari. Inggih Toya Siraman. Ingkang menika kasuwun panjenenganipun Bapak Drs. Sukirno dalah ibu, rawuh ing Gubug Siraman, saperlu nindakaken upacara menika, ingkang badhe linadosan dening Ibu Marmin Sardjono, manangka Juru Sumbaga. Sumangga.
  2. (Bpk. Drs. Sukirno / ibu sampun rawuh ing gubug siraman).
  3. Ingkang kapisan panjenenganipun Bapak Drs. Sukirno sekaliyan, badhe maringaken (ngesok toya) toya saking ember (klenthing) dhateng bokor siraman, kalajengaken maringaken Sekar Sri Taman ing toya, sumangga.
    (Menawi wonten Toya Tuk Pitu, ugi kaparingaken ing bokor, urut saking pundi toya kala wau, kalebetaken / dipun curaken ing bokor, saking setunggal, kanthi dipun acarani dening MC).
  4. Salajengipun Bapak Drs. Sukirno sarimbit nyemplungaken klapa sagandheng, ing bokor. Sumangga. Para lenggah, klapa segandheng , ingkang minangka pralampita, badhe tumapaking brayat anyar, inggih brayatipun penganten, kaajab sageda tansah atut, runtut, renteng-renteng, runtung-runtung, manunggil tan kenging pinisah.
  5. Sampun paripurna pangraciking tiya prewitasari. Tumuli badhe ngisi bokor, ingkang mangke minangka ngintun toya siraman dhateng badhe besan, minangka nyirami badhe penganten kakung.
D. NGINTUN TOYA SIRAMAN
  1. Para tamu, tumuli kalajengaken adicara salajengipun inggih menika Ngintun Toya Prawetasari. Dhumateng panjenenganipun Bapak Ir. Suharto, DS. sekaliyan ingkang minangka utusan, kasuwun majeng, saperlu nampi toya prewitasari saking panjenenganipun Bapak Drs. Sukirno sekaliyan. Sumangga.
  2. Bapak Drs. Sukirno :
    ''Bapak Ir. Suharto, DS. sarimbit, kula kekalih ngresaya panjenengan sekaliyan, ngaturaken toya prewitasari menika, dhateng kamas Wiryodirjo sekaliyan, inggih badhe besan, sageda kaagem nyirami badhe penganten kakung''.
  3. Bapak Ir. Suharto, DS. :
    ''Matur suwun, awit saking kapitadosan ingkang kaparingaken dhateng kula, dhawuh panjenengan badhe kula estokahen. Kula nyuwun pangestu amrih lampah kula wilujeng. Saha tumuli keparenga madal pasilan. Nuwun''. (Bapak Ir. Suharto, DS. mundur).
 E. SUNGKEMAN
  1. Para pinisepuh, tuwin para tamu, sapengkeripun utusan, inggih panjenenganipun Bapak Ir. Suharto, DS. sarimbit tumuju ing dalemipun Bapak Wiryodirjo ing Jogokariyan, ngampil Toya Prewitasari, wontena kepanengipun upacara kalajengaken. Minangka cecawis badhe tumapaking upacara siraman, calon Penganten Putri, badhe SUNGKEM dhateng rama saha ibu, kejawi nyuwun pangestu, ugi minangka nelakaken agunging atur panuwun, tuwin pakurmatan, saking putra dhateng sudarma, ingkang sampun ageng jasa-jasanipun (lelabetipun) tumraping gesangipun. Upacara Sungkeman badhe katindakaken ing kamar pengantin. Bapak Drs. Sukirno sarimbit kasuwun lumebet ing kamar penganten. Sumangga.
  2. (Drs. Sukirno sekalian sampun dumugi ing kamar penganten, lajeng lenggah ing dhipan utawi pasareyan, Bapak ing tengen, Ibu ing kiwa.
  3. Para tamu sutresna, salajengipun Nak Jeng Rara Dra. Titik Parwati sampun anyaketi lenggahipun Bapak Drs. Sukirno, tumuli angaturaken sembah, saha salajengipun lampah pocong, timpuh ing ngersanipun, asta kalih nyangga jengku, tumuli jengku kaaras. Bapak Drs. Sukirno anapakaken asta, ing pamidhanganipun putra, sarwi memuji paring pangestu. Pangudaraos ing penggalih :
    ''Sembah suwun dhuh Pangeran, dene kula kepareng nyumerepi dewasaning anak, berkah Dalem kaparingna dhateng anak kula menika, inggih berkah karaharjan, kabegjan, saha kasantosan. Amrih gesangipun tansah tumapak ing margi Dalem, wasana saged dumugi ing gisiking gegayuhan, inggih sasana Dalem, papaning kabegjan langgeng''.
  4. Sampun paripurna sungkem dhateng rama, agahan gentos sungkem ing ibu. Boten saged kagambaraken ing atur, kados menapa penggalihipun ibu Sukirno, dupi nampi bektining putra. Sakala bredel, akembeng waspa. Kadya mutiara uwal saking roncenipun. Karaos-raos ing penggalih, enget duk nalika putra taksih timur. Kabopong-bopong, kakempit, kaindhit, kaloloh kados peksi, kagadhang benjing dadosa lare ingkang utami, dadosa kulawarga ingkang mandhiri, saged njujung asmaning tiyang sepuh, ayom-ayem tata tentrem, lulus raharja ngatos salaminipun. Samangke saestu badhe dados kasunyatan. Namung sakedhap. Bebasan sakedhep netra, karanta-rantaning panggalih, awit enget bilih menika sasana upacra. Mila tumuli kaberat kabuncang tebih. Tumuli menyat saking palenggahan, anganthi ingkang putra, kinanthi tumuju sasana siraman, sesarengan kaliyan Bapak Drs. Sukirno.
  5. Para tamu, tumapaking upacara sungkem, sampun purna, tumuli badhe katindakaken upacara Siraman. Calon Penganten kakanthi manjing sasana siraman, kairing para pinisepuh ingkang badhe anyirami.
F. SIRAMAN
  1. Para pinisepuh miwah para lenggah, minangka purwaka keparenga ngawuningakaken, bilih ingkang badhe kasuwun nyirami Calon Penganten Putri, inggih menika :
    1)  Bapak Drs. Sukirno
    2)  Ibu Sukirno
    3)  Eyang putri Sarana Dimejo
    4)  Eyang putri Darmosuwito
    5)  Budhe Martosuwignyo
    6)  Bulik Riyanti
    7) Ibu Marmin Sarjono ( Ibu Juru Sumbaga)
  2. Ingkang kapisan, panjenenganipun Bapak Drs. Sukirno amiwiti nyirami. Kapurwakan sarana ngeningaken cipta, tumuli nyidhuk toya prewitasari, kasiramaken ing mustaka, nyidhuk kaping kalih kasiramaken ing pamindhangan, dene nyidhuk angka tiga kasiramkaken ing peranganing sarira sanesipun. Tumuli anggosokaken konyoh mancawarna. Katutup sarana nyiram kaping tiga, minangka amungkasi panyiramanipun. Sapurnaning ngeningkaken cipta, Bapak Drs. Sukirno sumene, paring wekdal dhateng ibu, ingkang tumuli sumusul anyirami.
  3. Salajengipun Ibu Sukirno, manungku puja, ing batos nyuwun sihing Pangeran, kangge rahajenging putra, tumuli nyirami putra, miwah angonyohi. Purna angonyohi, katutup nyiram malih. Sampun paripurna Ibu Sukirno anyirami putra putri amrih suci lair tandhes ing batos,pantes anggenipun manjing alaming bebrayan, inggih timbalaning gesang ingkang luhur, mbangun brayat utami. Paripurna Bapak Drs. Sukirno miwah ibu, anyirami putra putri.
  4. Salajengipun kasuwun panjenenganipun Eyang Putri Sarana Dimejo, inggih eyang saking rama, kersa anyirami wayah. Sumangga.
  5. (Eyang Sarana Dimejo majeng, Bapak saha ibu Sukirno boten lengser, nanging cekap tetep jumeneng ing riku, namung sumene, kejawi hanekseni, ugi caos pakurmatan dhateng para pinisepuh ingkang sami hanyirami. Mangke sarampungipun ingkang sami nyirami, lajeng salaman kaliyan Bapak saha ibu Drs. Sukirno, lajeng lengser).
  6. Sampun paripurna Eyang Sarana Dimejo, hanyirami ingkang wayah. Dipun pungkasi sarana pandonga, miwah ngaras ingkang wayah, dados pratelaning raos tresna ingkang salangkung ageng. Sembah nuwun Eyang. Mangga kersa tumuli lenggah malih.
  7. (Mekaten salajengipun, ngantos no.6, Bulik Riyanti. Tumuli katutup inhkang angka 7, Ibu Juru Sumbaga, minangka mungkasi upacara siraman menika. Kejawi nyirami limrah, nanging ingkang wigatos ugi nyirami mawi toya kendhi ingkang dados pralambanging sesuci utawi reresik jasmani saha rohani. Calon Penganten Putri, nandhahake asta, toya kendhi kaecuraken ing astanipun Calon Penganten Putri, lajeng kagem kemu, kaping tiga, tumuli kalajengaken kaecuraken ing paranganing badan sanesipun. Trumrap umat Islam saged katindakaken kados dene wudhu. Sarampungipun, lajeng kendhi kabanting, dening Bapak Drs. Sukirno sekaliyan, utawi dening pinisepuh sanesipun, sarwi ngendika : ''WES PECAH PAMORE''. utawi ''ORA MECAH-MECAH KENDI NANGING MECAH PAMORE ANAKKU WADON''. Mecah kendhi ugi saged katindakaken dening Juru Sumbaga).

 G. POTONG RIKMA / KERIK
  1. Para tamu minulya, sampun paripurna upacara siraman, Bapak Drs. Sukirno miwah Ibu, anganthi putra putri, kairing manjing pewikan, saperlu bilas, saha gantos busana. (Cara kina, ngantos ngagem nyamping Grompol, kemul sinjang Nogosari, jaman samangke saged kagantos ngagem Daster). Purna bilas saha gantos busana, lajeng kakanthi manjing tilam sari, inggih kamar penganten, perlu katindakaken upacara POTONG RIKMA, utawi KERIK.
  2. Para pinisepuh saha para tamu, Bapak Drs. Sukirno serta ibu, linadosan dening ibu Marmin Sarjono, ngerik rikma utawi motong rikmanipun ingkang putra, minangka pralambang NGRESIKI SESUKER, NGRESIKI DOSA SARTA CACADIPUN. Mangke sesampunipun mangun brayan, kantun pinaggih saenipun, kautamanipun. Potongan rikma kaparingaken ing wadhah ingkang kacawisaken, mangke dumugi wancinipun, badhe katanem, sesarengan kaliyan rikmanipun Calon Penganten Kakung.
  3. Para lenggah, kaliyan nengga rawuhipun utusan, ingkang mangke badhe ngasta potongan rilunanipun Calon Penganten Kakung, wontena keparengipun mrayogekaken anggenipun lenggah, serta angresepi pasugatan ingkang badhe lumados. Sembah nuwun.
  4. (Sumene sawatawis, para tamu ngunjuk sarta dhahar nyamikan/snack).


H. TANEM RIKMA
  1. Para tamu, sampun wonten rawuhipun utusan, inggih panjenenganipun Bapak Ir. Suharto, DS. sekaliyan, ngasta potongan rikmanipun Calon Penganten Kakung. Tumuli kaaturaken dhateng Bapak Drs. Sukirno sekaliyan. Rikma lajeng kaasta dening ibu Drs. Sukirno, kairing Bapak Drs. Sukirno, kadadosaken setunggal kaliyan rikmanipun Calon Penganten Putri, kabekta dhateng ngajeng dalem, katanem ing satengening pintu ageng. (Pintu utama rumah). Dados pralampita, bilih sampun saestu kabuncal tebih, watak awonipun calon penganten kakung saha putri.
  2. Para tamu, mekaten upacara tanem rikma, sampun paripurna. Salajengipun kaparenga mrayogekaken lenggahipun.


 I. NGRESEPI PASUGATAN
  1. Para lenggah ingkang sinungga ing pakurmatan, sampun sawatawis lenggah panjenengan sedaya, wekdal ugi sampun dungkap sonten, mila saking keparengipun panjenenganipun Bapak Drs. Sukirno sekaliyan, panjenengan sedaya kaaturaken pasugatan dhahar, sarana prasmanan. Ingkang menika binarung swantening pradangga saking casette (pita swara), kasuwun kersa para rawuh mundhut dhahar piyambak ing kamar tengah, saha lajeng keparenga, hangresepi kanthi renaning penggalih. Para tamu sugeng dhahar. Sumangga.

J. PANUTUP
  1. Para pinisepuh, para Bapak-Ibu, saha para kadang mudha wreda ingkang sutresna, kados sampun kadumugen anggenipun angresepi pasugatan, saha upacara sampun paripurna, ingkang menika katun adicara ingkang pungkasan, inggih menika panutup. Namung saderengipun adicara panutup katindakaken, keparenga Bapak Drs. Sukirno sekaliyan, kanthi mirunggan, angambali ngunjukaken puji sokur, sembah nuwun ing Ngabyantara Dalem Pangeran, Allah SWT, dene awit saking lubering berkah miwah sih Dalem, kaleksananing Upacara Siraman ing wekdal menika, kelampahan rancag, nir ing sambekala. Salajengipun kaaturaken panuwun dhateng para pinisepuh, miwah para tamu, dene sampun kersa anjenengi upacara menika ngantos dumugi paripurna. Bapak Drs. Sukirno sarimbit ugi nyuwun lumunturing pangaksama, awit saking sedaya kakirangan saha kelepatan ingkang dumados ing acara menika. Minangka panutup kaparenga Bapak Drs. Sukirno ngunjukaken pakurmatan ing ngabyantara Dalem Pangeran kanthi pamuji : MUGI LINUHURNA ASMA DALEM PANGERAN, SAHA MANGGIHA TENTREM UMAT DALEM SAWEGUNG.
  2. Ing wasana kula ingkang minangka Pambiwara ing upacara menika, nyuwun lubering pangksama, awit saking sedaya kalepatan kula, saha ngaturaken sugeng kondur, mugi berkah Dalem Pangeran angayomi satindak panjenengan sedaya.
  3. Para tamu, andum sugeng. Nuwun. Wassalamu 'alaikum WR, WB. 

    1 komentar: