Kamis, 18 Agustus 2016

WEJANGAN TUMRAP PENGANTEN

WEJANGAN TUMRAP PENGANTEN


I. BEBUKA
  • Nuwun, Assalamu'alaikum Wr. Wb.
    Mugi sih wilasa, pangayoman, saha berkah Dalem Pangeran Ingkang Maha Asih tansah karentahna, tumrap kula saha panjenengan sedaya, samenika, serta ing salajengipun.
  • Nuwun, panjenenganipun para pinisepuh, ingkang dahat pinundhi, para tamu ingkang satuhu kinurmatan. Keparenga langkung rumiyin kula ngunjukaken puji sokur ing Ngarsa Dalem Pangeran, Allah SWT, dene hawit saking lubering berkah Dalem, kula saha panjenengan sedaya sami kaparengaken lenggah ing pasamuan menika, kanthi widada, nir ing sambekala.
  • Salajengipun keparenga kula ndherek nepangaken, nama kula ..................., griya kula ................... kula taksih sedherek .................. kaliyan kadang kula anem, dhimas Drs. Sukirno. Dados menawi kaliyan anak kula penganten putri, kaleres ...................  Mila, menawi dinten menika kula kadhawuhan suka ular-ular, dhateng anak kula penganten sarimbit, menika, jalaran mila, taksih wonten sambet sedherek, utawi malah kalebet, tiyang sepuh. Dados inggih sampun samesthinipun, minangka tiyang sepuh suka pepeling dhateng anak.
  • Saestunipun kula rumaos boten kadugi, suka wejangan dhateng anak kula penganten kekalih, awit kejawi anak kula penganten sampun sami ngasta guru, ugi, jalaran kula rumaos boten pantes. Awit gesang kula kirang saged dados tuladha. Ewa semanten, rehning kula kapetelaken, hainggih sekamat-kamat  badhe kula pinangkani. Wondene atur kula mangke, ngemungna  kangge anak kula penganten kekalih, boten kangge sanesipun. Menika kemawon bok bilih wonten ingkang saged dipunagem. Dene menawi boten wonten, inggih boten dados menapa.
  • Ingkang menika dhumateng panjenenganipun para pinisepuh  miwah para lenggah,  kula nyuwun palilah, saha nyuwun pangestu, keparenga kula miwiti ayahan kula.
II. WOSING ANDHARAN
  • Anakku penganten sakarone, lilanana aku matur nganggo basa ngoko wae, amrih kepenak anggonku matur, lan gampang panjenengan tampa.
  • Kaya aturku mau, satemene aku krasa ora samesthine yen atur wejangan. Mula sing arep tak aturake iki, piwelinge paras sepuh duk ing nguni, kang kaserat ing Serat Menak Yasadipuran, lan karacik awujud sekar, utawa kembang. Dene tembange Asmarandhana, rong pada, mengkene :
    1. Pratikele wong akrami,
      dudu brana dudu warna,
      amung ati pawitane,
      luput pisan kena pisan,
      yen gampang luwih gampang,
      yen angel angel kalangkung,
      tan kena tinambak arta.
    2. Tan kena tinambak warni,
      ugere wong ing akrama,
      amung eling dandanane,
      eling kawiseseng priya,
      tan kena asembrana,
      kurang titi kurang emut,
      yeku luput ngambra-ambra.
  • Dadi, wis kacetha ing pada kapisan, dene menawa pratikele wong jejodhohan, utawa sarana, dedalane wong mangun brayan sing apik, iku dudu brana, utawi bandha, uga dudu warna, utawa rupa sing apik, ayu, utawa bagus, naging mung ati. Ati sing tresna, sing kena kanggo pawitan. Kanggo dhasar. Dhasar saliyane katresnan, iku ora mitayani, ringkih, lan mbebayani. Awit katresnan iku darbe makna, utawa teges, kurban. Kurban, kanggo sing ditresnani. Sing kakung kurban kanggo sing putri, sing putri kurban kanggo raharjane sing kakung, dene kekarone,kurban kanggo raharjane putra-putrane. Kabeh wani nglalekake dhirine dhewe, mung kanggo gawe begjane  sing ditresnani. Kaya  ngono iku angel. Kudu sinau  digladhi, wiwit wiwitane mangun brayan. Yen kabeh padha wani mangreh dhiri pribadine, wani ngalahake EGOISME-ne, ya gampang. Nanging yen ora, ya kaluwih angel. Mula kasebut, yen gampang luwih gampang, yen angel, angel kelangkung.
  • Lha rehning katresnan iku minangka dhasare jejodhohan, mula kudu tansah dijaga lestarine. Katresnan iku dudu barang mati, nanging barang urip. Kaya tetanduran. Sing kudu dijaga amrih subure, sarana disirami, dirabuk, didhangir , lan sapiturute. Panjagane, nganggo cara werna werna. Kayata : ngudi amrih tansah ana sikep TINARBUKA. Blak-blakan. Kakung lan putrine. Malah mengko yen wis kagungan putra, ya karo putra-putrane. Kudu tansah ngeblak. Ana ing prekara prekara wigati, luwih-luwih, kudu padha priksane. Aja ana sing didhelikake. Kejaba iku, kudu tansah padha SAREMBUG. Kabeh prekara, ya sing nyenengake, ya sing nyusahake, kudu dirembug bareng. Aja dhewe-dhewe, aja ngalor-ngidul. Sahiyek-saekapraya. Kejaba iku, kanggo mbangun katresnan, kabeh, ya sing kakung, apadene sing putri, uga para putra, kudu pada wani NAMPA KASUNYATAN.
    Nampa kasunyatan kanthi lila-legawa. Lire, kudu wani nampa kahanane sisihane APA ANANE. Ya apike,  ya eleke. Ya kaluwih-ane, ya kekurangane. Yen ana kaluwihane, kudu ditampa kanthi penuh atur panuwun, dene kekurangane, kudu ditampa kanthi sabar, kanthi pambudidaya amrih bisa didandani, kanthi sareh, lan sumarah ing Pangeran. Kudu tansah eling menawa ing donya iki ora ono barang sing sempurna, kalebu awake dhewe iki, ya akeh cacade, akeh kekurangane. Sabanjure, kanggo ngudi lestarine katresnan, kudu tansah dijaga, kacukupane Kabutuhaning kulawarga, kanthi temen-temen. Kabutuhan pokok, umpamane : Sandhang, pangan, papan, pasinaon, kasaran, lsp. Kabeh diupaya, kanthi temen-temen. Pangan, ora mung pangane jasmani, nanging uga panganing rohani. Kabeh diupaya kanthi laras (harmonis), aja bot-sih, aja nglalelake siji lan sijine. kudu timbang, salaras.
  • Kabeh iku mau pancen angel, lan abot. Mula supaya kuwat, kudu tansah dilambari sikep ELING. Kaya kang kasebut ing pada kapindho. Yen pinuju bungah, utawa penak uripe, kudu eling yen iku peparing Dalem Kang Maha Agung, lagi diparingi entheng, nanging ora bakal salawase, dadi ya aja bungah-bungah banget, nganti mbungahi. Semono uga yen lagi diparingi abot, utawa rekasa, ya aja nlangsa banget-banget. Awit mesthi bakal antuk pitulungan.
  • Kejaba eling, menawa kahanan iku ora ajeg, sing luwih wigati, kudu tansah eling marang SANGKAN PARANING DUMADI. Yaiku PANGERAN KANG NITAHAKE awake dhewe. Eling marang Pangeran, ateges kudu MANEMBAH marang Panjenengane, sarana laku NGIBADAH. Pangibadahe manut agama utawa kapitayane dhewe-dhewe. Dene sampurnaning panembah, ora mung cukup sembahyang, tarak brata, pasa, lan prihatin, nanging kudu nindakake LAKU UTAMA. Tetulung marang sapadha-padha. Menehi pangan wong kaluwen, menehi sandhang marang wong kang kawudan, menehi teken wong kang kaluyon, menehi pepadhang marang kang kapetengan budi, lan sapiturute.
  • Yen bisa kaya mangkono, brayate, mesthi bakal tinresnan ing pepandhahing uripe, binerkahan ing Pangeran. Wasana bisa kelakon dadi brayat sing ayom-ayem, tata tentrem, migunani tumrap bebrayan, nusa, bangsa, lan negara.
  • Mengkono, pitutur sapala, dudu pituturku, nanging pitedahe para luhur duk ing nguni, sing bok menawa isih bisa diagem wektu iki. Ana kurange aku nyuwun gedhening pamengku. Pungkasaning atur, aku mujekake, muga-muga brayat panjenengan tansah pinayungan ing BERKAH DALEM PANGERAN, kuwat ngambah dalan sing rumpil, nanging dalan kang nuju marang kabegjan, lan karaharjan. Wasana bisa tumeka ing gisiking gegayuhan panjenengan kanthi slamet. Amin.
III. PENUTUP
  • Mekaten para tamu, pitedah ingkang saged kula dumugekaken dhateng anak kula penganten sarimbit. Bok bilih wonten atur ingkang boten anuju prana, saha kagalih nalisir saking ugering tata krami, miwah kasusilan, kula nyuwun lumunturing pangaksami. Para lenggah, kantuna pinarak, manggiha suka, nuwun.
  • Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar