Rabu, 24 Agustus 2016

PAMBAGYAHARJA ING UPACARA BIDHALING LAYON

PAMBAGYAHARJA ING UPACARA BIDHALING LAYON


    1. Assalamu'alaikum Wr.Wb.
      Inna lillahi wa inna illaihi roji'un
      Nuwun, mugi sih wilasa, pangayoman saha berkah Dalem Pangeran tansah karentahna tumrap para asung bela sungkawa, samenika saha ing salajengipun.
      • Para asung bela sungkawa, kakung saha putri ingkang kinurmatan, keparenga kula ingkang kakersakaken minangka sesulihipun para putra wayahipun swargi inu Sastrediharjo, langkung rumiyin sanadyan lenggah panjenengan sedaya sampun sawatawis, ngaturaken sugeng rawuh. Kejawi menika keparenga ngaturaken sewu-sewu sembah nuwun miwah sanget genging panuwun, awit saking keparenganipun para pelayat ngenthengaken salira mijekaken wekdal rawuh saperlu bela sungkawa, saha paring tandha sih tresna, ingkang satuhu kejawi angentheng-enthengi ugi adamel mongkog saha lipuring manah.
      • Salajengipun, keparenga para ahli waris ngaturaken panuwun ingkang tan kenging winiraos agengipun, dhateng tangga tepalih, sanak sedherek, miwah mitra pitepangan, ingkang boten saged kaaturaken saking satunggal ing riki, inggih awit saking paringipun biyantu, ingkang arupi bandha, tenaga, penggalihan, iguh pamrayogi, kawigatosan, donga pamuji, pratelaning bela sungkawa arupi rakitan sekar, ingkang saestu adamel rancag tumata pangruktining layon wekdal menika.
      • Awit saking sedaya kasaenan panjenengan menika wau, para ahli waris, boten saged atur piwales kejawi namung kaunjukaken ing Ngabyantara Dalem Gusti ingkang Maha Wikan, ingkang sampun mesthi kemawon boten badhe kekilapan paring lubering sih ingkang tanpa pepindan minangka paring piwalesipun.
      • Salajengipun kados ingkang sampun kauningan bilih wekdal menika para ahli waris nandhang duhkita, inggih anggenipun, katilar seda panjenenganipun ibu Sastradiharjo. Sedanipun kala wingi dinten Selasa Kliwon surya kaping kalih welas Mei warsa kalih ewu kalih welas utawi wolulas Jumadil Awal warsa sewu sangangatus kawandasa gangsal Jimakir kirang langkung pukul sadasa siang, ing Rumah Sakit Panti Rapih Ngayogyakarta.
      • Sedanipun suwargi kaparingan lantaran gerah sawatawis wekdal. Saestunipun kulawarga sampun mboten kekirangan anggenipun pados usada. Ewa semanten Gusti ingkang Murbeng Gesang kagungan pancasan sanes, panjenenganipun kapundhut wangsul ing pangayunan Dalem.
      • Boten sanes kulawarga inggih namung sumarah ing pamurbaning Gusti. Ewa semanten, pepisahan tetep andadosaken sisah saha anglesipun manah. Pramila mawantu-wantu panyuwunipun para ahli waris mugi wontena keparengipun para asung bela sungkawa paring panjurung , donga pangestu, amrih ingkang katimbalan kaapunten sedaya dosanipun, tumuli keparengaken lumebet ing kamulyan langgeng. Dene ingkang katilar tumuli kaparingana lipur, pulih penggalihipun kados wingi uni, wasana kanthi iman ingkang teguh nglajengaken momong putra wayah, mangun bebrayan ingkang utami.
      • Salajengipun keparenga atur uninga, bilih ngantos dumugi sedanipun, suwargi ibu Sastradiharjo kaparingan ganjaran yuswa 80 tahun, nilar putra gangsal, wayah sedasa. Ingkang menika, mbok bilih nalika sugengipun nate lepat ing ngarsa panjenengan sedaya, para ahli waris nyuwunaken ngapunten. Mekaten ugi mbok bilih taksih kagungan rembag, utawi sambut sinambut ingkang dereng rampung, wontena keparengipun sambet rembag kaliyan ahli waris ingkang badhe ngrampungaken kanthi lega legawaning manah.
      • Atur salajengipun, layonipun suwargi, mangke badhe kasarekaken wonten pasareyan Sari Laya, ingkang tebihipun kirang langkung 500 meter saking dalem menika. Ingkang menika dhumateng para asung bela sungkawa ingkang kasdu ngiring pamboyonging layon ngantos dumugi pasareyan, kanthi  mirunggan kaaturaken gunging panuwun. Wondene bilih kapambeng ing keperluan sanes, lajeng ngersakaken badhe kondur, boten sanes inggih namung saged ngaturaken nderekaken sugeng kondur, sinartan asung sesanti mugi tansah rahayua ingkang pinanggih.
      • Para asung bela sungkawa ingkang sutresnan, para ahli waris, rumaos boten saged nampi saha nanggapi rawuh panjenengan ing sak mesthinipun, sedaya wau inggih awit saking winatesing samukawis. Mila awit saking sedaya kekirangan saha kuciwaning panampi, namung nyuwun lumunturing pangaksami.
    1. Mekaten aturipun para ahli waris ing ngarsa panjenengan sedaya. Salajengipun mugi wontena kepareng panjenengan sedaya mrayogekaken lenggah, ngantos dumugi paripurnaning upacara. Pungkasanipun atur, kula ingkang kakersakaken amakili para ahli waris matur ing ngarsa panjenengan sedaya bilih wonten galap gangsuling atur kiranging tata krami, kula nyuwun gunging pangaksami. Para asung bela sungkawa sutresna, katurna pinarak, manggiha raharja. Nuwun.
      Wassalamu'alaikum Wr.Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar